Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
127 dari 234
772–773 dari 1.487
7.716–7.725 dari 14.865
127.023 ting jalêgur carabali ing Madura | sigra têmpuh kang jurit | wong Kêdhu sumahab | Tumênggung Mangkuyuda | angadhangkrang dèn payungi | madyèng palagan | rowang mungsuh barêngi ||
127.024 wus acampuh wong Kêdhu lan wong Madura | apanggih padha wani | ramening kang yuda | bêrêg-binêrêg samya | wong kêdhu pêngkuh ing jurit | wadya Walănda | gumrudug ambêdhili ||
127.025 akèh mati wong Kêdhu mêksa apanggah | dèn êdrèl wanti-wanti | sira Mangkuyuda | kalawan Natayuda | tatag têtêg ing ajurit | sawadyanira | wong Kêdhu Surèngpati ||
127.026 dyan gumulung wadyèng Sampang Surabaya [17: 20: Sura...baya] | pra mantri angawaki | sira Radèn Sasra- | diningrat ngirid bala | wong Madura nêmpuh wani | pan Radèn Răngga | kang nrêgakên ing wuri ||
127.027 Arya Jayapuspita angirid bala | mamuk wong Surawèsthi | ramya têmpuhing prang | bêdhil lir gêlap sasra | pêtêng kukus anglimputi | lir ampak-ampak | carub wor kang ajurit ||
127.028 ramening prang pêpati mungsuh lan rowang | dèn idêg tan tinolih | Arya Japuspita | nêngah asumbar-sumbar | wong Kêdhu mundura aglis | bok nora năngga | mungsuh wong Surawèsthi ||
127.029 anolèha pundhakira bundhas-bundhas | padha pating talêning | iya nora padha | lawan wong Surabaya | pundhake padha anglading | payo numbaka | wong punuk jêjêmbêri ||
127.030 ya ta wontên panèwu Kêdhu miyarsa | aran Ki Sarapati | mara ngêmbat watang | Arya Jayapuspita | gumuyu dènira angling | hèh arêp apa | wong punuk marêpêki ||
127.031 baya arêp akon ngiris punukira | dèn parêk ingsun iris | Sarapati numbak | mungkur Jayapuspita | wong Surabaya udani | sigra dèn rêbat | Sarapati dèn byuki ||
127.032 kinarocok Sarapati sampun pêjah | Mangkuyuda udani | prapta saha wadya | Jayapuspita mulat | yèn Mangkuyuda ngawaki | ngabani bala | mamuk wong Surawèsthi ||
772–773 dari 1.487