Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
127 dari 234
772–773 dari 1.487
7.720–7.729 dari 14.865
127.027 Arya Jayapuspita angirid bala | mamuk wong Surawèsthi | ramya têmpuhing prang | bêdhil lir gêlap sasra | pêtêng kukus anglimputi | lir ampak-ampak | carub wor kang ajurit ||
127.028 ramening prang pêpati mungsuh lan rowang | dèn idêg tan tinolih | Arya Japuspita | nêngah asumbar-sumbar | wong Kêdhu mundura aglis | bok nora năngga | mungsuh wong Surawèsthi ||
127.029 anolèha pundhakira bundhas-bundhas | padha pating talêning | iya nora padha | lawan wong Surabaya | pundhake padha anglading | payo numbaka | wong punuk jêjêmbêri ||
127.030 ya ta wontên panèwu Kêdhu miyarsa | aran Ki Sarapati | mara ngêmbat watang | Arya Jayapuspita | gumuyu dènira angling | hèh arêp apa | wong punuk marêpêki ||
127.031 baya arêp akon ngiris punukira | dèn parêk ingsun iris | Sarapati numbak | mungkur Jayapuspita | wong Surabaya udani | sigra dèn rêbat | Sarapati dèn byuki ||
127.032 kinarocok Sarapati sampun pêjah | Mangkuyuda udani | prapta saha wadya | Jayapuspita mulat | yèn Mangkuyuda ngawaki | ngabani bala | mamuk wong Surawèsthi ||
127.033 têmpuking prang Ki Arya Jayapuspita | angadu wong sinêlir | wong Kêdhu apanggah | pangawatira dhadhal | wong Madura anginêbi | saking iringan [17: 21: iring...an] | dhadhèng prang wus katindhih ||
127.034 Natayuda anangis matur ing raka | dawêg kakang gumingsir | apan dede sanggan | kang mêngsah saya kathah | sampun karsaning Hyang Widi | ing Kartasura | pulunge sampun ngalih ||
127.035 ing ayuda tan wontên udhile pisan | kakang wus mêmarahi | apêsing nagara | yèn ingsun dulu mêngsah | rong uwong gêdhene sami | sang kaka mirsa | sojaring punang ari ||
127.036 sigra ngingsêr turăngga tilar galanggang | Pangran Balitar sami | wadyèng Kêdhu bubar | ingêlud de wong Sampang | myang prajurit Surawèsthi | ambêrêg samya | wadyèng Kêdhu awingwrin ||
772–773 dari 1.487