Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
127 dari 234
773–774 dari 1.487
7.729–7.738 dari 14.865
127.036 sigra ngingsêr turăngga tilar galanggang | Pangran Balitar sami | wadyèng Kêdhu bubar | ingêlud de wong Sampang | myang prajurit Surawèsthi | ambêrêg samya | wadyèng Kêdhu awingwrin ||
127.037 ting bêkakrak wadyalit kèh malbèng jurang | ana matyèng wanadri | Kaliwungu prapta | wadya kang anglud mêngsah | wong Sampang lan Surawèsthi | tuwin Walănda | rêrêb ing Lèpèntangi ||
127.038 palayune Natayuda Mangkuyuda | ing Kêdhu kang dèn jogi | wau kawarnaa | Kumpêni ing Têtêgal | budhal saking ing Têtêgil | ing Pakalongan | Batang arsa ginitik ||
127.039 lawan sira Tumênggung Wiranagara | Rêksanagara tuwin | ya ta lampahira | gêgaman sampun prapta | têpis iring kang nagari | wong Pakalongan | gègèr kang dèn ènciki ||
127.040 sampun katur maring Radèn Nitiyuda | yèn mêngsah kathah prapti | tuwin nagri Batang | Rahadèn Madurêtna | pan samya lolos ing wêngi | lawan miyarsa | kang baris Tugu ngisis [17: 22: ngi...sis] ||
127.041 garawalan Nitiyuda Madurêtna | ing Kêdhu kang dèn jogi | ya ta kawarnaa | sira Tumênggung Têgal | kalawan bala Kumpêni | ing Pakalongan | kuthane dèn lêboni ||
127.042 pan ing Batang sarêng dènnya linêbonan | kutha kapanggih sêpi | wau kawarnaa | wong Sampang Surabaya | anèng Kêndhal Lèpèntangi | ngêlar jajahan | nungkul wong kanan keri ||
127.043 sampun mundur Kumpêni marang Samarang | prasamya tinggal mantri | kang ngêlar jajahan | miwah kang anèng Dêmak | prasamya ningali mantri | Kênol wus bubar | ing laut dèn wêdali ||
127.044 ênêngêna wau kang lagya lumampah | gantya ingkang winarni | praptèng Kartasura | nênggih kang winursita | langkung wagugên tyas aji | dènnya miyarsa | sagung wadyèng pasisir ||
127.045 pan ing mangke samya nungkul ing Samarang | kabubuh kyai patih | mangkyatur uninga | kalamun wontên kraman | saking Gunungkidul nênggih | ran Wirawăngsa | nèng Wanglu dènnya baris ||
773–774 dari 1.487