Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
128 dari 234
780–781 dari 1.487
7.798–7.807 dari 14.865
128.058 pan adangu dènnya nguncit-uncit | rambutira bodhol | sang dyah kantu ing siti anglèsèd | Martayuda emut wlas ing galih | tinilar mring panti | wus sare amujung ||
128.059 sang kakung dangu dènira guling | kang lena ing panon | wus anglilir miyat ing kakunge | lamun maksih mujung dènnya guling | pungun-pungun mijil | alon lampahipun ||
128.060 ingkang tansah sinambat ing tangis | kang lunga ambolos | sidhêngkah têka ènthèng bobote | dene ora angantèn-antèni | maleca ing jangji | sidiparag ngantu ||
128.061 lampahira kang sinêdyèng galih | pasanggrahan katong | sampun prapta ing pura lampahe | sampun katur dhatêng pramèswari | lamun lambangsari | lawan putranipun ||
128.062 bini aji matur ing narpati | yèn kang putra cêlor | nimas Martayuda lawanane | malah mangke purik dhatêng puri | pinala tan sipi | dhatêng kakungipun ||
128.063 sri narendra ngungun miyarsangling | angandika alon | timbalana Si Martayudage | kang parêpat alit nêmbah mijil | wus praptèng wismèki | Martayuda wau ||
128.064 mas Martayuda kapanggih guling | ginugah siralon | wus atangi andulwèng rabine | kang katingal duta nata kèksi | saha nênimbali | Martayuda [17: 31: Marta...yuda] gupuh ||
128.065 sampun kerid ing parêpat alit | glis praptèng pakuwon | lajêng tumamèng pura lampahe | praptèng ngarsanira sri bupati | nêmbah ing padaji | mangusapi lêbu ||
128.066 sri narendra angandika aris | kulup miyarsèngong | rabinira apurik marene | akirda lawan si adipati | apuranirèki | nyawa ingsun jaluk ||
128.067 rabinira ingsun kang nglironi | pilihana kang wong | jroning dalêm sasênênge tyase | ingsun kang awèh mring sira kaki | kabèh sêlir mami | myang pawongan ingsun ||
780–781 dari 1.487