Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
128–129 dari 234
781–782 dari 1.487
7.808–7.817 dari 14.865
128.068 nanging aywa dadya tyasirèki | mring arinta mêngko | Ki Dipati Mangkunagarane | nuju kêna pangadune bêlis | lali mring sirèki | sudara tan ketung ||
128.069 kang sinungan ling waspanya mijil | sumungkêm abukoh | kamanisên nata andikane | dadya lilih nir runtik ing swami | kalimputan ing sih- | ira sang aprabu ||
128.070 Mas Martayuda matur wotsari | nuhun sih jêng katong | abdi dalêm yèn kenginga mangke | amba suwun mantuk mring wismèki | nata ngandikaris | iya anak ingsun ||
128.071 nanging kaki ywa sira sakiti | ing wêwêkas ingong | sang sinujaran atur sêmbahe | patik aji tan sêdya angipi | nyakitana mangkin | mring abdi sang prabu ||
128.072 dahat ajrih timbalan narpati | lingira sang katong | yayi pramèswari lah dèn age | wêdalêna Si Martayudèstri | iya dèn kon mulih | marang lakinipun ||
128.073 sori nata mentar awotsari [17: 32] | lumampah siralon | amarani marang ing rabine | Martayuda tur dèn wêwarahi | lah muliha nini | kinon mring sang prabu ||
128.074 sang dyah kalangkung wiyang jro ati | nging ajrih mring katong | ri saksana nulya mangkat age | ingkang jalu wus tinundhung mulih | kinèn sarêng swami- | nira sampun mantuk ||
128.075 sang liningan sumungkêm ing siti | mundur awotsinom | sigra mantuk marang ing wismane | tan kawarna ing marga wus prapti | lampahira kalih | kasmaran kang dulu ||
129. Asmaradana
103. Tumênggung Jayaningrat nungkul dhatêng ing Sinuhun Pakubuwana
129.001 ya ta kawarnaa mangkin | Ki Tumênggung Jayaningrat | ing Ungaran barisane | sampun amiyarsa warta | yèn nagri Kartasura | kang anèng Dêmak kaburu | miwah kang baris ing Têgal ||
129.002 myang kang nèng Lèpènkêtangi | kawarti sampun lumajar | marmane alit manahe | Ki Tumênggung Jayaningrat | sigra wau utusan | dhatêng ing Samarang gupuh | arane ingkang dinuta ||
781–782 dari 1.487