Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
128 dari 234
775–776 dari 1.487
7.749–7.758 dari 14.865
128.009 Martayuda wêwanginirèki | pinundhut de katong | apan kinarya carik damêle | sakalanira sri narapati | dèrèng darbe carik | marmane tinuduh ||
128.010 Martayuda rabine yu lêwih | sêlèg-sêlèg anom | nênggih lagya kêkalih putrane | galak ulate anggarit ati | èsmu jung karangin | solahe dinulu ||
128.011 adangu dènnya amandêng liring | sira sang lir sinom | pangran dipati kang anèng tyase | yèn angucapa sajroning ati | pangeran dipati | tuhu yèn binagus ||
128.012 dhongoh sengoh kaduk marêk ati | dahat karya wirong | Ki Jênat sêmbada lan swarane | gêtas rênyah dahat dudut ati | praja ing Samawis | tanna saminipun ||
128.013 sang dyah wagugên sajroning ati | rongèh dènnya lunggoh | kasamêkan sinjang ting kathèthèr | datan liyan kacipta ing ati | mung pangran dipati | kang ana ing dulu ||
128.014 swanita kumyus lwir dèn sirami | layon gêlung rontog | apan wontên sang dyah pawongane | biyang Garêm uninga ing wadi | anjawil aririh | anggèr dawêg mantuk ||
128.015 solah dika dahat ngatawisi | têka pijêr dongong | miyat ing sang bagus trus bêksane | ingsun iki pan wus nini-nini | parandene brangti | mirsa swaranipun ||
128.016 nanging dede wawrat dika gusti | brangti mring sang anom [17: 25: a...nom] | mitra putranira kang mangku ngrèh | lwir kate pan pêksa ngrangsang wukir | pan dede sasami | brăngta mring wong agung ||
128.017 ya ta kering ing pawongannèki | sang dyah sampun miyos | sêmpoyongan wirangrong lampahe | ya ta pinarêng kang asung brangti | luwar dènnya ngrangin | arsa sêne mêtu ||
128.018 praptèng jawi pintu aningali | wong agêng kaluron | jêng pangeran sigra panyapane | bibi gustinira baya sakit | dene sun tingali | pamulune alum ||
775–776 dari 1.487