Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
128 dari 234
776–777 dari 1.487
7.756–7.765 dari 14.865
128.016 nanging dede wawrat dika gusti | brangti mring sang anom [17: 25: a...nom] | mitra putranira kang mangku ngrèh | lwir kate pan pêksa ngrangsang wukir | pan dede sasami | brăngta mring wong agung ||
128.017 ya ta kering ing pawongannèki | sang dyah sampun miyos | sêmpoyongan wirangrong lampahe | ya ta pinarêng kang asung brangti | luwar dènnya ngrangin | arsa sêne mêtu ||
128.018 praptèng jawi pintu aningali | wong agêng kaluron | jêng pangeran sigra panyapane | bibi gustinira baya sakit | dene sun tingali | pamulune alum ||
128.019 biyang Garêm mèsêm wruh ing wadi | nêmbah matur alon | inggih gusti asangêt sakite | pan kasambêt mring kang bêksa ngrangin | jampyanana gusti | dimèn sagêd mantuk ||
128.020 sang ingujaran mèsêm marani | dhatêng ing pêpojok | saha wacana arum wuwuse | besuk sore sun marana bibi | hèh sira dyah ari | aywa sangêt wuyung ||
128.021 dèn abisa sira namun kapti | mirah jiwaningong | aywa katawis marang kakunge | sang dyah pan sarwi liniling-liling | hèh mantuka yayi | ngong sowan sang prabu ||
128.022 nimas Martayuda nêndha liring | srêt tyasnya sang sinom | jêng pangeran wangsul mring prênahe | biyang Garêm numêd damar lilin | wus mêdal ing jawi | praptèng wismanipun ||
128.023 nimas Martayuda niba guling | sarwi mujung dodot | datan wontên kaciptèng driyane | amung kangjêng pangeran dipati | kang anèng ing ati | sang dyah arawat luh ||
128.024 tan kawarna solahirèng nguni | pan tansah gêng wirong | rangu-rangu lali dhahar [17: 26] sare | kawarnaa kangjêng sri bupati | aluwaran sami | dènira anayub ||
128.025 pangran dipati wus mantuk aglis | dhatêng ing pakuwon | kang kacipta amung ubayane | lawan nimas Martayuda nguni | sasolahe kèksi | kang asung lara kung ||
776–777 dari 1.487