Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
128 dari 234
777–778 dari 1.487
7.765–7.774 dari 14.865
128.025 pangran dipati wus mantuk aglis | dhatêng ing pakuwon | kang kacipta amung ubayane | lawan nimas Martayuda nguni | sasolahe kèksi | kang asung lara kung ||
128.026 rêngêng-rêngêng angidung rêrêpi | kang rinênggèng panon | mung kang asung patêmbayanane | dhuh mas mirah ingsun wong alindri | dhêdhongklak Samawis | bisa karya wuyung ||
128.027 upamane mirah awak mami | lwir pradapa layon | pan kasongan raditya kênyare | yèn tan tulus mirah sih ing mami | rêraga matyaking | kandhuan wulangun ||
128.028 wontên kinarya dhandhang anilib | dènira sang anom | bapakane Garêm kêkasihe | punika kang dadya jarumaning | èstri sami èstri | jalu sami jalu ||
128.029 sinamur-samur tan kêna lilih | tyasira sang sinom | sigra animbali kalulute | bapakane Garêm sampun prapti | ngandika sang pêkik | payo andon dalu ||
128.030 pak Garêm umatur awotsari | suwawi lungan don | dhustha asmara wau ta gone | ngarsa-arsa praptanya sang pêkik | malah lali guling | mèsêm sang abagus ||
128.031 bakda ngisa pangeran dipati | têdhak mung wong roro | pak Garêm umampir ing wismane | sang adhusthèng asmaratut wuri | prapta ing wismèki | lênggah sang abagus ||
128.032 apan parêkan wisma kang pinrih | dhinusthèng kalangon | pakne Garêm pan magêrsarine | dènira mas Martayuda nênggih | sang dyah [17: 27] kang winarni | kang sayagêng wuyung ||
128.033 ingkang raka pan kesah akêmit | pasangggrahan katong | kang katilar aywa sira age | agănda wida anguswa wèni | rema drawela lir | mega asmu jawuh ||
128.034 kasamêkanira jingga miring | asinjang tiga ron | kadya bêngle keris pamulune | asêngkang bapang sêkar warsiki | gêgăndamrik minging | akalpika mancur ||
777–778 dari 1.487