Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
129 dari 234
787–788 dari 1.487
7.868–7.877 dari 14.865
129.053 duta kang saking Têtêgil | ature datan prabeda | miwah ta wau dutane | Ki Tumênggung Mangkuyuda | samya matur ing nata | yèn kang abdi nuwun bantu | wagugên tyasnya narendra ||
129.054 kabubuh wong gandhèk prapti | ingkang saking ing Wungaran | nguni dadya jêjênênge | Ki Tumênggung Jayaningrat | aran Mas Pangalasan | abdinira sang aprabu | panakawan alit mila [17: 40] ||
129.055 tanpa larapan duk prapti | makidhupuh ngarsèng nata | Mas Pangalasan ature | lawula[1] atur uninga | dhatêng paduka nata | yèn mangke abdi sang prabu | pun Janingrat malih tingal ||
129.056 têluk dhatêng ing Samawis | miwah wadyèng urut marga | pan sami binêkta mangke | nungkul dhatêng ing Samarang | ing mangkya Jêng Pangeran | Pugêr sampun madêg ratu | anèng nagari Samarang ||
129.057 bisikanirèng narpati | Susunan Pakubuwana | Senapati Ngalagane | Ngabdurahman Sayidina | Panata ing Agama | lan ing mangke wartinipun | arsa budhal saha bala ||
129.058 saking nagari Samawis | anglurug mring Kartasura | sampun rêmbag punggawane | arsa mêdal ing Wungaran | anjog ing Salatiga | dene kang dadya panganjur | pangarah wadyèng Madura ||
129.059 ya ta wau sri bupati | miyarsa aturing wadya | sang nata asru wuwuse | hèh Apatih Sumabrata | agya mangke dandana | sira lumaku anglurug | barisa ing Salatiga ||
129.060 amêpêtana ing margi | miwah sagung pra punggawa | kang sami kalah yudane | kabèh sira timbalana | ngumpula lawan sira | ki apatih awotsantun | sigra jêngkar sri narendra ||
129.061 Patih Sumabrata aglis | sampun anêmbang têngara | gong bèri umyang swarane | orêg wadyèng Kartasura | sagung para punggawa | jawi datan ana kantun | samya tumut mring ki patya ||
129.062 dene kang kantun ing wuri | kang rumêksa naranata | wadyèng gêdhong kaparake | Ki Sumabrata [17: 41: Sumabra...ta] glis budhal | mangkat mring Salatiga | swaraning wadya gumuruh | kadya ombaking hèrnawa ||
787–788 dari 1.487

 


kawula. (kembali)