Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
129 dari 234
789–790 dari 1.487
7.885–7.894 dari 14.865
129.070 panêmbahan atur [17: 42: a...tur] bêkti | wus angatag wong Madura | Ki Răngga cinêkêl age | nulya wau sinudukan | Ki Răngga wus pralina | murdane pinanjêr gupuh | nèng alun-alun Samarang ||
129.071 sang nata maksih tinangkil | sigra Tuwan Amral prapta | saking nagri Batawine | katur marang sri narendra | Amral wus tinimbalan | sapraptanira ing ngayun | sampun sami têtabean ||
129.072 Tuwan Amral matur aris | gusti kawula dinuta | dhatêng tuan jêndral mangke | kinèn bantoni ngayuda | dhatêng paduka nata | wong Kumpêni gangsal atus | nênggih kang kawula bêkta ||
129.073 lawan ature pun kaki | jêndral dhatêng sri narendra | pun Kênol dèn inggahake | dados kumisaris bêsar | lan nagari Samarang | dipun tanêmi kumêndur | yèn dados suka narendra ||
129.074 dene ing Japantên gusti | nênggih petor ingkang jaga | nanging taksiha lojine | myang pun Dipati Samarang | kenginga sampun sowan | yèn tan sarêng pun kumêndur | sowan dhatêng Kartasura ||
129.075 lawan aturipun malih | lulusa gèn saudara | lawan sang nata ing têmbe | sintên ingkang ngawonana | sampun manggih raharja | ya ta wau sang aprabu | angrojongi aturira ||
129.076 anênggih ing ari Kêmis | nata dènnya prajangjian | ping sanga likur tanggale | Rabingulakir kang wulan | taunipun Jimawal | Tuwan Amral nêrat gupuh | akarya buk prajangjian ||
129.077 sigra kang têngara muni | sanjata mriyêm lir gêrah | sang nata alon wuwuse [17: 43] | ari êmas ing Madura | sagung para punggawa | sira undhangana gupuh | padha dandana ing yuda ||
129.078 sagung bupati pasisir | kabèh sira timbalana | panêmbahan lon ature | pukulun abdi narendra | sampun pêpak sadaya | miwah sadêdamêlipun | ing yuda sampun samêkta ||
129.079 angandika sri bupati | yèn wus pêpak kang punggawa | padha undhangana kabèh | ing dina Soma saosa | sagêgamaning yuda | ingsun arsa budhal nglurug | mring nagarèng Kartasura ||
789–790 dari 1.487