Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
129 dari 234
790 dari 1.487
7.891–7.900 dari 14.865
129.076 anênggih ing ari Kêmis | nata dènnya prajangjian | ping sanga likur tanggale | Rabingulakir kang wulan | taunipun Jimawal | Tuwan Amral nêrat gupuh | akarya buk prajangjian ||
129.077 sigra kang têngara muni | sanjata mriyêm lir gêrah | sang nata alon wuwuse [17: 43] | ari êmas ing Madura | sagung para punggawa | sira undhangana gupuh | padha dandana ing yuda ||
129.078 sagung bupati pasisir | kabèh sira timbalana | panêmbahan lon ature | pukulun abdi narendra | sampun pêpak sadaya | miwah sadêdamêlipun | ing yuda sampun samêkta ||
129.079 angandika sri bupati | yèn wus pêpak kang punggawa | padha undhangana kabèh | ing dina Soma saosa | sagêgamaning yuda | ingsun arsa budhal nglurug | mring nagarèng Kartasura ||
129.080 panêmbahan matur aris | lan Dipati Surabaya | anuhun duka sang katong | lamun suwawi ing karsa | kangjêng sri naranata | sampun tumindak anglurug | gusti ecaa kasukan ||
129.081 wontên nagarèng Samawis | dene kang nanggulang yuda | angrurah Kartasurane | sampuna dene kawula | lan pun kakang Jangrana | sampun sumêlang sang prabu | bêdhahe ing Kartasura ||
129.082 tan lêga rasaning ati | yèn dèrèng atamèng jaja | lan natèng Kartasurane | arsa kantarana asta | atakêra ludira | dahat purun gênti lawung | saking sakite kang manah ||
129.083 yèn kawula lanang jurit | antuk barkat sri narendra | yèn sampun bêdhah sang katong | nagari ing Kartasura | nuntên wangsul patikbra | dhatêng Samarang pukulun | amondhongi sri narendra ||
129.084 sang nata ngandika aris | lah iya ingsun tarima | ari êmas pasihane | myang Dipati Surabaya | anging ta sêdyaningwang | matya urip ayun wêruh | marang alang ujurira ||
129.085 punggawa [17: 44: pungga...wa] kalih wotsari | kang langkung dening mangrêpa | konjêm pratala mukane | ciptanira ing wardaya | tan kenging mangsulana | saking sangêt sih sang prabu | punggawa kalih smu waspa ||
790 dari 1.487