Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
129 dari 234
790–791 dari 1.487
7.895–7.904 dari 14.865
129.080 panêmbahan matur aris | lan Dipati Surabaya | anuhun duka sang katong | lamun suwawi ing karsa | kangjêng sri naranata | sampun tumindak anglurug | gusti ecaa kasukan ||
129.081 wontên nagarèng Samawis | dene kang nanggulang yuda | angrurah Kartasurane | sampuna dene kawula | lan pun kakang Jangrana | sampun sumêlang sang prabu | bêdhahe ing Kartasura ||
129.082 tan lêga rasaning ati | yèn dèrèng atamèng jaja | lan natèng Kartasurane | arsa kantarana asta | atakêra ludira | dahat purun gênti lawung | saking sakite kang manah ||
129.083 yèn kawula lanang jurit | antuk barkat sri narendra | yèn sampun bêdhah sang katong | nagari ing Kartasura | nuntên wangsul patikbra | dhatêng Samarang pukulun | amondhongi sri narendra ||
129.084 sang nata ngandika aris | lah iya ingsun tarima | ari êmas pasihane | myang Dipati Surabaya | anging ta sêdyaningwang | matya urip ayun wêruh | marang alang ujurira ||
129.085 punggawa [17: 44: pungga...wa] kalih wotsari | kang langkung dening mangrêpa | konjêm pratala mukane | ciptanira ing wardaya | tan kenging mangsulana | saking sangêt sih sang prabu | punggawa kalih smu waspa ||
129.086 sigra jêngkar sri bupati | kondur dhatêng pasanggrahan | kang nangkil wus bubar kabèh | tan winarna solahira | ya ta ing dina Soma | kang wadya pêpak supênuh | kadya ombaking samudra ||
129.087 miwah sagung pra dipati | pasisir pêpak sadaya | warna-warna gêgamane | myang wong Sampang Surabaya | busananira abra | pating prêngangah dinulu | lir macan binasah-basah ||
129.088 tanapi wadya Kumpêni | sampun samêkta ing yuda | Walandi tata barise | Bugis lan wadyèng Makasar | anambungi ing wuntat | Tuwan Amral munggèng ngayun | wus sowan mring pasanggrahan ||
129.089 sigra budhal sri bupati | saking nagari Samarang | sinêngkalan duk angkate | ing wiyat gêni kawayang | ing janma pan ingetang |[1] gêgamanira sang prabu | tinon lir sêkar sataman ||
790–791 dari 1.487

 


Tanggal: wiyat gêni kawayang ing janma (AJ 1630). Tahun AJ 1630 jatuh antara tanggal Masehi: 15 April 1706 sampai dengan 3 April 1707. (kembali)