Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
129 dari 234
791–792 dari 1.487
7.904–7.913 dari 14.865
129.089 sigra budhal sri bupati | saking nagari Samarang | sinêngkalan duk angkate | ing wiyat gêni kawayang | ing janma pan ingetang |[1] gêgamanira sang prabu | tinon lir sêkar sataman ||
129.090 sumrêg kang bala lumaris | budhale saking Samarang | asri tinon gêgamane | akèh warnane kang bala | wong sabrang lan wong Jawa | swarane umyang gumuruh | kadi ombaking samudra ||
129.091 tuhu yèn ratu linuwih | têrahing ratu kusuma | putra naya gănda mangke | jumênêng satitahing Hyang | atilar purantara | nglêlana andon prang pupuh | anglurugi Kartasura ||
129.092 bisikanira narpati | Susunan Pakubuwana | prawignya pêkik warnane [17: 45] | kèdhêp dening wadyabala | mangkya sira winarna | nitih kuda gula gêmpung | binusanan abra muncar ||
129.093 atata lampahing baris | kang wadya pangawat kanan | Dipati Surabayane | Panêmbahan ing Madura | wadya pangawat kiwa | kang minăngka dhadhanipun | wadya Kumpêni sadaya ||
129.094 dene kang munggèng ing wuri | wadyèng pasisir malatar | anggarêbêg ing sang katong | punggawa ing Kartasura | myang Patih Cakrajaya | samya lumampah ing pungkur | rumêksa ing para garwa ||
129.095 datan kawarna ing margi | sampun prapta ing Wungaran | amasanggrahan sang katong | sagung kang para punggawa | akarya pamondhokan | dene kang dadya panganjur | ing Lopait sampun prapta ||
129.096 kawarnaa komisaris | mojar dhatêng Tuwan Amral | dawêg sowan ing sang katong | yèn sêpi para punggawa | pukul satêngah lima | dawêg sami anênuhun | marang gusti sri narendra ||
129.097 yèn wontên pun Adipati | Samarang măngsa antuka | Tuwan Amral lon wuwuse | iya bênêr aturira | lah payo padha seba | anulya sarêng lumaku | komisaris lawan Amral ||
129.098 punggawa apanggih sêpi | miwah Dipati Samarang | sampun mantuk mring pondhoke | sang nata kapanggih lênggah | anulya Tuwan Amral | tumamèng ngarsa sang prabu | mêndhêt sarya têtabean ||
791–792 dari 1.487

 


Tanggal: wiyat gêni kawayang ing janma (AJ 1630). Tahun AJ 1630 jatuh antara tanggal Masehi: 15 April 1706 sampai dengan 3 April 1707. (kembali)