Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
129–130 dari 234
793 dari 1.487
7.921–7.930 dari 14.865
129.106 wus tinutur aturnèki | gêgêtun Sang Adipatya | Suradimênggala ture | mila paduka narendra | botên [17: 47: bo...tên] nimbali amba | wontêna patikbra wau | sumados lamun dhatênga ||
129.107 anuhun mring narapati | gusti Kumpêni punika | sakalangkung naracake | yèn rinojong aturira | nênggih sangsaya-saya | anglanjak ing aturipun | angandika sri narendra ||
129.108 sarya angungun narpati | sapuluh-puluh Ki Besan | apa kang cinatur manèh | apan ujar wus kaliwat | anging besuk Ki Besan | dèn ngati-ati ing kalbu | sang nata wus masanggrahan ||
129.109 ya ta kawarnaa mangkin | Ki Apatih Sumabrata | sampun akandêl bitinge | wus jêro lêlarenira | gêgamannya asinang | ing Kalicacing gènipun | abêbiting sawadyanya ||
129.110 sanjata sampun rinakit | Kiya Patih Sumabrata | sampun miyarsa wartane | yèn sang nata sampun budhal | saking nagri Samarang | tanpa wilis wadyanipun | masanggrahan ing Wungaran ||
129.111 punggawaglis dèn undhangi | kinèn sami samêktaa | sampun tinata barise | Ki Arya Mandurarêja | matur mring Sumabrata | dawêg miyosi prang pupuh | mêdal saking pabitingan ||
129.112 ki apatih anauri | pan kawula datan rêmbag | miyosi ngadilagane | nêdhaa mêmpên kewala | sajroning pabitingan | nanging kang dados panganjur | ing yuda amiyosana ||
129.113 lamun kasoran ing jurit | ngungsia jro pabitingan | lan sanak manira kabèh | dèn sami ngantêp ing yuda | utamane wong priya | pêjah madyaning prang pupuh [17: 48: pu...puh] | manggih swarga adi mulya ||
129.114 myang sagung para bupati | ajana tilar galanggang | miwah para mantri kabèh | sampun wontên kang ngucira | samadyaning ranangga | pra punggawa saur manuk | kang sêdya mungkur ing rana ||
130. Pangkur
130.001 Ki Apatih Sumabrata | karsanira angantêpa ing jurit | sanjata tinata gupuh | nèng baluwartinira | Arya Banyakwidhe wau kang tinuduh | dadya panganjuring yuda | lan Pangran Balitar nênggih ||
793 dari 1.487