Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
129–130 dari 234
793–794 dari 1.487
7.929–7.938 dari 14.865
129.114 myang sagung para bupati | ajana tilar galanggang | miwah para mantri kabèh | sampun wontên kang ngucira | samadyaning ranangga | pra punggawa saur manuk | kang sêdya mungkur ing rana ||
130. Pangkur
130.001 Ki Apatih Sumabrata | karsanira angantêpa ing jurit | sanjata tinata gupuh | nèng baluwartinira | Arya Banyakwidhe wau kang tinuduh | dadya panganjuring yuda | lan Pangran Balitar nênggih ||
130.002 myang Pangeran Surabaya | pan katiga kinon miyosi jurit | sampun mangkat sawadyèku | nahan wong Kartasura | Jêng Sinuhun Pakubuwana winuwus | ingkang lagya masanggrahan | anèng Wungaran narpati ||
130.003 enjing anêmbang têngara | orêg wadya pangriking kuda mlingi | kriciking astra panguwuh | ing wadya kadi bêlah | kang pratala wong Pakubuwanan grêgut | myang sagung para punggawa | sami samêkta ing wèsthi ||
130.004 naradipati ngandika | ari êmas Madura paran kapti- | nira sapa dadya cucuk- | ing yuda kang prayoga | Panêmbahan Madura nêmbah umatur | lamun suwawi ing karsa | anak kawula tinuding ||
130.005 nênggih pun Suradiningrat | pan prayogi dadya panganjur jurit | angirid gêgaman sèwu | sami wong pêpilihan | akanthia Arya Jayapuspitèku | lan pun Panji Surèngrana | katri sura ing ajurit ||
130.006 sang nata mèsêm ngandika | sutèng ulun Suradiningrat aglis | lan Arya [17: 49] Japuspitèku | myang Panji Surèngrana | lah ta sira katiga sun karya cucuk | ananging wêwêkas ingwang | yèn sira kasoran jurit ||
130.007 angungsia marang wuntat | aywa ngamuk eman manawa mati | nadyan tumêka ing lampus | barênga lawan ingwang | lêbur luluh ingsun datan arsa kantun | lawan sanak-sanak ingwang | kang samyasih marang mami ||
130.008 ya ta satriya katiga | amiyarsa pangandikaning aji | sigra anungkêmi suku | matur sarwi karuna | lêhêng abdi nata pêjaha karuhun | anèng madyaning ranangga | paduka tulus dadyaji ||
130.009 amêngku rat nuswa Jawa | sri narendra aglis dènnya ningali | katiga sarêng rinangkul | uwis sira mênênga | sun tarima saking sihira maringsun | lah payo sira mangkata | kang kinèn parêng wotsari ||
793–794 dari 1.487