Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
130 dari 234
795–796 dari 1.487
7.943–7.952 dari 14.865
130.014 Rahadèn Suradiningrat | lawan Arya Jayapuspita nênggih | wus panggih sami panganjur | sigra campuh kang yuda | Pangran Purubaya nênggih mungsuhipun | lawan Pangeran Balitar | arame dènira jurit ||
130.015 sigra satriya katiga | sarêng mangsah ingkang katêmpuh ngisis | wong Kartasura mèh lampus | datan măngga puliha | sira Pangran Balitar sigra lumayu | angungsi mring pabitingan | sampun matur mring apatih ||
130.016 lamun mêngsahira prapta | Kyai Surabrata têngara aglis | bêndhe tinêmbang angungkung | têtêg kadya butula | wadyèng Kartasura prayitna ing kewuh | myang sagung para punggawa | arsa ngantêp ing ajurit ||
130.017 kang wadya saragni sigra | kinèn minggah dhatêng ing baluwarti | mariyêm pinasang gupuh | myang bêdhil kalantaka | sigra Radèn Suradiningrat gya rawuh | lan Apanji Surèngrana | myang Arya Japuspitèki ||
130.018 satriya katri umulat | lamun mêngsahira sampun bêbiting | tanpa wilangan wongipun | mojar Jayapuspita | hèh wong Surabaya mandhêga karuhun | apan dudu bobotira | angrangsang ing baluwarti ||
130.019 padha ngêntèni kang wuntat | Tuwan Amral myang gusti sri bupati | Panji Surèngrana muwus | sampun kakèhan akal | nadyan kathah wong Kartasura ngong purun [17: 51] | kakang paduka nèng wuntat | kawula kang nacak dhingin ||
130.020 ciptaning manah kawula | yèn ngong bobot mêngsah kalawan ing sih | ing narendra kirang mungsuh | mèsêm Jayapuspita | Radèn Suradiningrat mèsêm amuwus | alêrês ujar punika | sigra angatag ing dasih ||
130.021 sumahab wong Surabaya | lawan wadyèng Madura golong pipis | wong Kartasura agupuh | kang mariyêm pinasang | swaranira pinirsa lir gunung rubuh | myang sanjata kalantaka | kang sênapan sarêng muni ||
130.022 pêtêng madyaning ranangga | apan dhêdhêt dening kukusing bêdhil | wadyèng Sampang Surèngkewuh | binendrongan sanjata | nora mundur sangsaya sura dinulu | wus angrampid pabitingan | rinangsang kang baluwarti ||
130.023 kawarnaa sri narendra | amiyarsa têngara asru muni | sanjata lir gunung rubuh | surak mangambal-ambal | jêng sinuhun anarka yèn sampun campuh | kang samya dadya pangarsa | langkung marmanirèng galih ||
795–796 dari 1.487