Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
130–131 dari 234
795–796 dari 1.487
7.949–7.958 dari 14.865
130.020 ciptaning manah kawula | yèn ngong bobot mêngsah kalawan ing sih | ing narendra kirang mungsuh | mèsêm Jayapuspita | Radèn Suradiningrat mèsêm amuwus | alêrês ujar punika | sigra angatag ing dasih ||
130.021 sumahab wong Surabaya | lawan wadyèng Madura golong pipis | wong Kartasura agupuh | kang mariyêm pinasang | swaranira pinirsa lir gunung rubuh | myang sanjata kalantaka | kang sênapan sarêng muni ||
130.022 pêtêng madyaning ranangga | apan dhêdhêt dening kukusing bêdhil | wadyèng Sampang Surèngkewuh | binendrongan sanjata | nora mundur sangsaya sura dinulu | wus angrampid pabitingan | rinangsang kang baluwarti ||
130.023 kawarnaa sri narendra | amiyarsa têngara asru muni | sanjata lir gunung rubuh | surak mangambal-ambal | jêng sinuhun anarka yèn sampun campuh | kang samya dadya pangarsa | langkung marmanirèng galih ||
130.024 ginêlak lampahing bala | sampun prapta nênggih ing Kalicacing | Kumpêni lumampah ngayun- | nira sri naranata | wadyèng Sampang miwah bala Surèngkewuh | katingal marang sang nata | yèn sampun angrangsang biting ||
130.025 bala Kumpêni rinangsang | wadyèng Kartasura parêng bêdhili | akathah kang nandhang tatu | wong Sampang Surabaya | Panjya Surèngrana awas dènnya dulu | lamun wadyanira surak | kalangkung bramatyèng ati ||
130.026 têdhak saking luhur kuda | Radyan Suradiningrat [17: 52: Suradining...rat] datan kari | myang Arya Japuspitèku | mangsah sahasru mojar | hèh wong Surabaya ajana kang mundur | lah payo sira idêka | aywa mundur ing ajurit ||
131. Durma
131.001 wadyèng Sampang Surabaya kang sumahab | angrêbat baluwarti | sigra ingunggahan | samya lantaran watang | dènnya samya ngrangsang biting | bala ing Karta- | sura pêngkuh ing jurit ||
131.002 datan ana kang sêdya angundurana | bêdhil wus tanpa dadi | rame dènnya yuda | tarung watang kewala | pating barêkuh swarèki | dènira aprang | samya angrêbut biting ||
131.003 kawarnaa ing wau sri naranata | karsa ngawaki jurit | saking wlas umiyat | marang ing wadyanira | ing Sampang myang Surawèsthi | dènnya kalintang | kangelan rêbut biting ||
795–796 dari 1.487