Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
133 dari 234
816–817 dari 1.487
8.159–8.168 dari 14.865
133.041 barisira pan sami ayun-ayunan | kasaru duta prapti | saking Kartasura | utusane kang rama | timbalane sri bupati | Ki Sumabrata | tinon ngipuk tumuli ||
133.042 Jêng Pangeran Purbaya sampun utusan | dhatêng nagri Kadhiri | saha mawi sêrat | punang dutaglis mêsat | prapta ing Daha nagari | Ki Sumabrata | apan sampun kapanggih ||
133.043 punang sêrat anulya wau tinampan | tinupiksa tumuli | ungêling nawala | hèh uwa Sumabrata | dika ngandikan ramaji | kinèn mantuka | dhatêng Kartasuraglis ||
133.044 kangjêng rama arsa malês sih andika | milane dadi aji | saking ing andika | duk wontên Pabêthèkan | andika kang ngisin-isin | nulya jêng rama | anêkung mring Hyang Widi ||
133.045 mangke sampun tinêkan dening Hyang Suksma | lulus jumênêng aji | anèng Kartasura | Ki Patih Sumabrata | miyarsa ungêling tulis | mijil kang waspa | saking sihe narpati ||
133.046 sigra dandan ing saputra garwanira | nulya minggat ing ratri | tan kawarnèng marga | wus praptèng pabarisan | lan pangeran [18: 12: pa...ngeran] wus apanggih | Ki Sumabrata | kinèn lajêng siraglis ||
133.047 mantuk marang nagari ing Kartasura | wus binêktanan mantri | pan kinèn rumêksa | dhatêng ing Sumabrata | prapta ing Kartasurèki | katur ing nata | ngandikan dhatêng puri ||
133.048 Ki Apatih Cakrajaya tinimbalan | sampun prapta ing ngarsi | sang nata ngandika | hèh Patih Cakrajaya | ing mangke parentah mami | Si Sumabrata | tunggala lan sirèki ||
133.049 sun paringi lêlinggih desa sanambang | ki patih awotsari | tan lêngganèng karsa | sigra Ki Sumabrata | binêkta mêdal tumuli | prapta ing jaba | sampun binêkta mulih ||
133.050 kawarnaa Pangran Dipati Purbaya | campuh dènira jurit | lan bala ing Daha | Tumênggung Katawêngan | ingkang dadya senapati | rame dènnya prang | anèng desa Gêlathik ||
816–817 dari 1.487