Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
133 dari 234
817–818 dari 1.487
8.164–8.173 dari 14.865
133.046 sigra dandan ing saputra garwanira | nulya minggat ing ratri | tan kawarnèng marga | wus praptèng pabarisan | lan pangeran [18: 12: pa...ngeran] wus apanggih | Ki Sumabrata | kinèn lajêng siraglis ||
133.047 mantuk marang nagari ing Kartasura | wus binêktanan mantri | pan kinèn rumêksa | dhatêng ing Sumabrata | prapta ing Kartasurèki | katur ing nata | ngandikan dhatêng puri ||
133.048 Ki Apatih Cakrajaya tinimbalan | sampun prapta ing ngarsi | sang nata ngandika | hèh Patih Cakrajaya | ing mangke parentah mami | Si Sumabrata | tunggala lan sirèki ||
133.049 sun paringi lêlinggih desa sanambang | ki patih awotsari | tan lêngganèng karsa | sigra Ki Sumabrata | binêkta mêdal tumuli | prapta ing jaba | sampun binêkta mulih ||
133.050 kawarnaa Pangran Dipati Purbaya | campuh dènira jurit | lan bala ing Daha | Tumênggung Katawêngan | ingkang dadya senapati | rame dènnya prang | anèng desa Gêlathik ||
133.051 sakathahe punggawa ing Kartasura | myang bupati pasisir | kalangkung sudira | wadyabala ing Daha | anulya angidak wani | gêmpang suh sirna | wong Kadhiri kèh mati ||
133.052 Ki Tumênggung Katawêngan wus lumaywa | prapta nagri Kadhiri | matur mring sang nata | lamun kasor ing yuda | balanira akèh mati | Susunan Êmas | langkung gugup tyasnèki ||
133.053 sri narendra wus lumaywa ngidul ngetan | sawadyanya angiring | Pangeran Purbaya | praptèng kilèn bangawan | arsa ngêbroki Kadhiri | sawadyanira | kasaru duta prapti ||
133.054 saking Sampang wus cundhuk kangjêng pangeran | sigra matur wotsari | kawula dinuta | dhatêng rama paduka [18: 13] | Panêmbahan Madurèki | atur uninga | yèn mangke sor kang jurit ||
133.055 wadya dulangmangap pan tumpês sadaya | tuwin bala Kumpêni | tan măngga puliha | gêmpang tumpês suh sirna | ingamuk mring Surapati | tuhu prawira | tan mundur dèn bêdhili ||
817–818 dari 1.487