Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
133 dari 234
820–821 dari 1.487
8.199–8.208 dari 14.865
133.081 Pangran Mangkunagara myang Mangkuningrat | tuwin kang para mantri | Mantri Kartasura | sami kêbut sadaya | sawiji tan ana kari | nulya umangkat | ing Antang dèn margani ||
133.082 mudhun ngalèr anggrêgut ing lampahira | ya ta ingkang winarni | Pangeran Purbaya | wus budhal saking Carat | lan wong Sampang Surawèsthi | sarêng umangkat | tuwin bala Kumpêni ||
133.083 lagya eca wau dènira lêlampah | wong Pasuruan prapti | tandange lir yaksa | narajang saking wuntat | wong Kartasura tan gingsir | para niyaka | samya matur ing gusti ||
133.084 lamun mêngsah andhatêngi saking wuntat | Pangeran Adipati | Purbaya ngandika | saking luhur dipăngga | pagutên sarwi lumaris | mungsuh kang prapta | padha dèn ngati-ati ||
133.085 aywa lowah mêngko tataning lumampah [18: 17: lu...mampah] | ywa kongsi pêdhot ugi | sagung pra niyaka | anulya mundur sira | kang wuri mêksih ajurit | wong Pasuruan | akèh longe kang mati ||
133.086 Jêng Pangeran Purbaya eca lumampah | Rahadyan Surapati | myang Suradilaga | anulya mundur sira | angraos datan ngudhili | dènira yuda | wadyanirakèh mati ||
133.087 nulya wangsul maring nagri Pasêdhahan | kawarnaa sang aji | sira Sunan Kendhang | têdhak mring Pasuruan | anunggil lan Adipati | Wiranagara | karsa ngawaki jurit ||
133.088 sri narendra sampun praptèng Pasêdhahan | watawis tigang ratri | Pangeran Purbaya | anulya wau prapta | miwah kang bala Kumpêni | lan wong Madura | saking kidul dhatêngi ||
133.089 anut marganipun wadya Surapatya | wadyabala tan uning | lamun tinututan | dhatêng têtiyang Sampang | dene kang langkung ing biting | wong Pasuruan | kagyat dènnya ningali ||
133.090 lamun tiyang Sampang Surabaya prapta | tuwin bala Kumpêni | sami kagegeran | sigra-sigra adandan | miwah sira Adipati | Wiranagara | karsa mapag ing jurit ||
820–821 dari 1.487