Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
133 dari 234
814–815 dari 1.487
8.139–8.148 dari 14.865
133.021 cinarita wontên kapitan satunggal | pun Pambèbèr namèki | Walandi kawasa | ing sabrang tanpa sama | tate angrurah nagari | Pambèbèr miyat | yèn kancane kèh mati ||
133.022 pun Pambèbèr sigra mangsah ngadilaga | cundhuk lan Surapati | kapitan têtanya | saparanmu prawira | sang dipati anauri | kapir wruhanta | ya ingsun Surapati ||
133.023 kang jumênêng Dipati Wiranagara | ngong prajurit sinêkti | kang ngrusak Jakarta | payo sira bêdhila | Pambèbèr narajang aglis [18: 9: a...glis] | Sang Adipatya | Pasuruan binêdhil ||
133.024 wanti-wanti binêdhilan datan pasah | malah têlas kang mimis | Radyan Surapatya | sigra malês amatang | pun Pambèbèr nora busik | putung kang watang | nulya anarik kêris ||
133.025 pun Pambèbèr aglis dènnya narik pêdhang | sira sang adipati | asru pinêdhangan | anging ta datan pasah | Surapati amalêsi | anuduk sigra | pun kapitan tan busik ||
133.026 pêdhangira kapitan pan sampun sirna | malah dadi gulali | sira sang dipatya | nyuriga dhuwung sapta | sawiji tan ana kari | kang băndayuda | dadya banting-binanting ||
133.027 Surapati sigra sinaut kang jăngga | ilêrira umili | nètèsi sarira | sang adipati sigra | emut yèn patrême maksih | wontên ing êsak | wus ingambil tumuli ||
133.028 dan tinarik Pambèbèr ginoco sigra | dhadhane trus ing gigir | niba kapisanan | kumisaris tumingal | yèn Pambèbèr angêmasi | angrês ing nala | ya ta kasaput wêngi ||
133.029 tuwin wadyabala Sampang kathah pêjah | wong dulangmangap ênting | sira panêmbahan | sampun mundur lon-lonan | nging Dipati Surawèsthi | kang maksih aprang | rame rok silih ukih[1] ||
133.030 winastanan dènnya aprang gêgorohan | dhatêng ing kumisaris | ginarit ing nala | apan tiyang Madura | akathah wonge kang mati | tuwin Walănda | akêdhik ingkang kari ||
814–815 dari 1.487

 


ungkih (dan di tempat lain). (kembali)