Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
134 dari 234
825–826 dari 1.487
8.250–8.259 dari 14.865
134.006 lawan malih kawula tinuding | amundhut sagung ingkang pusaka | rama paduka kang akèn | amundhut Kyai Baru | myang rasukan Kiyai Gundhil | Susunan Mas lingira | sugal asmu bêndu | hèh warnanèn Si Sudama | yèn dhèwèke kinongkon mring paman aji | amundhut babêrkatan ||
134.007 besuk yèn ingsun praptèng nagari | Surapringga waos dhuwung ingwang | miwah Kiyai Bicake | sun srahakên gustimu | ingsun mangke dipun aturi | tindak mring Surabaya | lan sawadyaningsun | Kumpêni ingkang angundang | apanggihan lan ingsun nèng Surawèsthi | punang dutaglis mêsat ||
134.008 saantuke caraka sang aji | nulya budhal dhatêng Surapringga | Kumpêni amêthuk age | kapanggih anèng ênu [18: 24] | Sunan Kendhang gya dèn aturi | tumanduka mring praja | lajêng lampahipun | sarêng praptèng Surabaya | pasanggrahan anèng wismane Dipati | Jangrana sawadyanya ||
134.009 Kumpêni urmatira nglangkungi | tuwin Sang Adipati Jangrana | langkung pangupasubane | pasêgahira pênuh | pan waradin dhatêng pakathik | sagung para niyaka | eca manahipun | Adipati Surapringga | munggwing ngarsa abukuh dènira linggih | myang Kumpêni sadaya ||
134.010 tuwan kumêndur umatur aris | yèn suwawi gusti sri narendra | lêhêng tumanduka mangke | mring Samarang pukulun | apanggihan lan kumisaris | benjing yèn sampun prapta | Samarang sang prabu | lajênga mring Kartasura | pan paduka jinunjung dening Kumpêni | amêngku ing rat Jawa ||
134.011 kalangkung tustha sri narapati | amiyarsa Kumpêni turira | tuwin sagung punggawane | tan wruh yèn kênèng apus | sigra wontên caraka prapti | saking Pangran Balitar | anênggih ingutus | andhatêngi pasêmayan | Sunan Kendhang asugal dènira angling | warahên Si Sudama ||
134.012 ala jinujug mring Surawèsthi | besuk yèn wus prapta Kartasura | dhuwunge wèhakên dhewe | punang dutaglis wangsul | sampun praptèng ngarsaning gusti | katur kang pangandika | Sunan Kendhang wau | Pangran Balitar lingira | yèn wêruha wong tuwa cidra ing janji | ingsun kasap kewala ||
134.013 mulane tan tulus madêg aji | Si Kêncèt atine tan raharja | nora tulus saujare | ya [18: 25] ta ingkang winuwus | jêng susunan binêkta aglis | minggah dhatêng ing kapal | kang wadyakèh tumut | myang sawêkadharanira | tuwin sagung pusaka binêkta sami | minggah dhatêng ing palwa ||
134.014 Sinuhun Pakubuwana nênggih | wus utusan dhatêng Surapringga | mundhut Ki Wiragunane | Arya Tiron pinundhut | lan Mandurarêjèku sami | myang Arya Pulangjiwa | Mangunnagarèku | kumêndur datan lênggana | Susunan Mas wus mancal sawadyanèki | binêkta mring Jakarta ||
134.015 kêkalih mantri angrasa wani | ênêngêna ingkang sampun mancal | ya ta kawarnaa malèh | kang mêntas mênang pupuh | nagri Malang wus dèn obongi | dhatêng Pangran Balitar | myang sawadyanipun | Dipati Wiranagara | lan arine angungsi dhatêng wanadri | wong cilik binoyongan ||
825–826 dari 1.487