Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
134 dari 234
832–833 dari 1.487
8.318–8.327 dari 14.865
134.074 pan kawula sampun wruh ing wadi | pêjahipun pun kakang dipatya | wontên kang dados margane | ingkang sikara tuhu | pan kawula arsa nglabuhi | lan kang abdi sadaya | abela tumutur | nanging kawula mêrgagah | yèn nglilani sang nata sadintên mangkin | kawula ngrabasèng prang ||
134.075 Ki Sumabrata wus mêsat aglis | praptèng pura cundhuk ing arsendra | wus katur ing saature | Ki Jayapuspitèku | langkung èmêng sri narapati | pangulu ingandikan | suranata juru | sami [18: 38: sa...mi] kinèn andêdonga | mamrihira lilihe krodhanirèki | Ki Arya Japuspita ||
134.076 Ki Sumabrata agya tinuding | mêdal saking pura wus apanggya | lan Arya Japuspitane | andhawuhakên wuwus | hèh ki arya timbalan aji | sang narendra tan arsa | ywan maksih sirèku | baris anèng panangkilan | wikan mangkin yèn pakênira wus mijil | lan sagung wadyanira ||
134.077 Arya Jayapuspita gya nolih | ambubarakên ing barisira | wus budhal saha wadyane | gumlêndhêng lampahipun | ririh datan ngêgèt-êgèti | kadya milanga tindak | wadyagung tan wêruh | lawung kang gathik tan ana | wong awatuk miwah kang tolih-tinolih | lan rewang datan ana ||
134.078 sampun prapta sakiduling mêsjid | sajawining pamondhokanira | kang gêgaman sarêng nolèh | marêp mring alun-alun | tanna owah tataning baris | wong sawiji tan ana | ingkang lajêng mantuk | maring pamondhokanira | pan anggêgêr barisnya mêpêti margi | katur mring sri narendra ||
134.079 langkung dening wagugên tyas aji | dene Ki Arya Jayapuspita | kapêksa lêbu gênine | bela ing kadangipun | suka matyèng lawan si kapir | kang dahat nganiaya | mangkana sang prabu | andhawuhakên timbalan | hèh ki arya timbalane sri bupati | sira aglis budhala ||
134.080 abêngganga saking păncaniti | aywa kasompokkên barisira | yèn pakênira wus ombèr | manawa ta sang aprabu [18: 39: a...prabu] |[1] angrojongi kaptinirèki | ing mangkya datan arsa | ki arya tumungkul | duk budhal saking pagongan | lingsir kilèn dènnya anggêgêr nèng margi | praptèng surup hyang arka ||
134.081 budhal saha wadya ki aryaglis | ngalèr ngilèn tata barisira | lampahnya praptèng Pakundhèn | ya ta kasapwèng dalu | rêrêb wadya ing Surawèsthi | ing dalu winursita | wontên duta rawuh | Ki Tumênggung Sumabrata | saking pura lan Răngga Wanèngjiwèki | datan amawi rowang ||
134.082 pan ambêkta tadhahan kêkalih | isi sêrat kalawan busana | sampun pinatêdhakake | lan reyal kalih èwu | sêrat dalêm sinuksmèng galih | miyarsa kang wacana | ki arya asujud | sumungkêm anèng bantala | sawungunya Jayapuspita anangis | asru atêbah jaja ||
134.083 sampun kondur dutaning narpati | Ki Tumênggung Sumabrata lawan | Ki Răngga Wanèngjiwane | tumamèng ing kadhatun | kalih praptèng ngabyantaraji | ing dalu tan winarna | wadya Surèngkewuh | ing ari siyaga budhal | sinêngkalan karya guna ngrasa wani |[2] bubare saking praja ||
832–833 dari 1.487

 


Lebih satu suku kata: manawa ta sang prabu. (kembali)
Tanggal: karya guna ngrasa wani (AJ 1634). Tahun AJ 1634 jatuh antara tanggal Masehi: 2 Maret 1710 sampai dengan 19 Februari 1711. (kembali)