Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
134 dari 234
833–834 dari 1.487
8.327–8.336 dari 14.865
134.083 sampun kondur dutaning narpati | Ki Tumênggung Sumabrata lawan | Ki Răngga Wanèngjiwane | tumamèng ing kadhatun | kalih praptèng ngabyantaraji | ing dalu tan winarna | wadya Surèngkewuh | ing ari siyaga budhal | sinêngkalan karya guna ngrasa wani |[1] bubare saking praja ||
134.084 tan kawarna lampahirèng margi | sampun prapta nagri Surabaya | sirarya Japuspitane | anggung mangan anginum | anggêgabah marang ing dasih | akarya dulangmangap | sèwu pan winangun | talangpati pan sanambang | sêsêliran sanambang myang wong saragni | abra busananira ||
134.085 tan winarna solahirèng nguni | gantya wau ingkang kawuwuse |[2] sang nata [18: 40: na...ta] langkung onênge | ing tyas nanging sinamun | ing pêjahe ki adipati | jinaluk ing Walănda | sang nata kaduwung | ngraos tan darbe mênggala | ing tyas wuyung Ratu Kancana udani | yèn raka mawi duka ||
134.086 kangjêng ratu matur ing rakaris | dhuh punapa kang dadya wuyung ta | sri narendralon dêlinge | wruhanira bok ratu | ing patine Si Adipati | Surabaya pan măngka | bau keriningsun | mangkya binekèng Walănda | yêkti cêla ing jênêng ingsun narpati | praja tanpa mênggala ||
134.087 yèn patuta wadya sun belani | kangjêng ratu wruh sêmuning raka | yèn sangêt ngêmu dukane | ngrêrêpa aturipun | pan kawula nênêdha ugi | dipun emut paduka | dèn angeman sunu | kang wasiyat swargi eyang | kangjêng sultan yèn benjing bala Kumpêni | milu misesèng Jawa ||
134.088 lagya eca ngandika sang aji | pan kasaru wau lêbêtira | Tumênggung Cakrajayane | atur uningèng prabu | yèn kang paman mangkya ngêmasi | Pangran Natakusuma | sang nata angungun | Cakrajaya ingandikan | praptèng ngarsa ngandika sri narapati | paman Natakusuma ||
134.089 atmajane gantya nama mangkin | ajênênga Pangran Pringgalaya | aja wah salêlinggihe | Cakrajaya wotsantun | sigra mêdal saking jro puri | sapraptanirèng jaba | ingundhangkên sampun | yèn Pangran Natakusuma | atmajane mangkya kang gantyani linggih | Pangeran Pringgalaya ||
134.090 apêparentah sri narapati | luwang karta Mataram kinarya [18: 41] | bumi gêdhe mantuk gêdhe | numbakanyar lan sèwu | kang panumping mantuk panumping | hèr ning tiga kawayang | ing siti kaetung | tunggil warsa Ngenta-enta | wong karaman samana umadêg baris | wastanya Ki Mas Dana ||
134.091 Ngenta-enta wus agêng kang baris | wong Mataram pan suyud sadaya | kang malang ginêcak age | samana nulya katur | mring Ki Jayawinata aglis | anulya linurugan | Ngenta-enta rawuh | pan sampun campuh ing yuda | ramening prang Jayawinata kalindhih | wongirakèh palastra ||
134.092 dêmang Jayawinata mlaywaglis | sêdya lajêng marang Kartasura | atur uninga karsane | Ki Dana kang winuwus | wus akarya punggawa mantri | akèh patinggi desa | kang madêg tumênggung | wus andadi barisira | Kyai Dêmang Jayawinata wus prapti | nagari Kartasura ||
833–834 dari 1.487

 


Tanggal: karya guna ngrasa wani (AJ 1634). Tahun AJ 1634 jatuh antara tanggal Masehi: 2 Maret 1710 sampai dengan 19 Februari 1711. (kembali)
Biasanya guru lagu a: kawuwusa. (kembali)