Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
134 dari 234
834 dari 1.487
8.331–8.340 dari 14.865
134.087 yèn patuta wadya sun belani | kangjêng ratu wruh sêmuning raka | yèn sangêt ngêmu dukane | ngrêrêpa aturipun | pan kawula nênêdha ugi | dipun emut paduka | dèn angeman sunu | kang wasiyat swargi eyang | kangjêng sultan yèn benjing bala Kumpêni | milu misesèng Jawa ||
134.088 lagya eca ngandika sang aji | pan kasaru wau lêbêtira | Tumênggung Cakrajayane | atur uningèng prabu | yèn kang paman mangkya ngêmasi | Pangran Natakusuma | sang nata angungun | Cakrajaya ingandikan | praptèng ngarsa ngandika sri narapati | paman Natakusuma ||
134.089 atmajane gantya nama mangkin | ajênênga Pangran Pringgalaya | aja wah salêlinggihe | Cakrajaya wotsantun | sigra mêdal saking jro puri | sapraptanirèng jaba | ingundhangkên sampun | yèn Pangran Natakusuma | atmajane mangkya kang gantyani linggih | Pangeran Pringgalaya ||
134.090 apêparentah sri narapati | luwang karta Mataram kinarya [18: 41] | bumi gêdhe mantuk gêdhe | numbakanyar lan sèwu | kang panumping mantuk panumping | hèr ning tiga kawayang | ing siti kaetung | tunggil warsa Ngenta-enta | wong karaman samana umadêg baris | wastanya Ki Mas Dana ||
134.091 Ngenta-enta wus agêng kang baris | wong Mataram pan suyud sadaya | kang malang ginêcak age | samana nulya katur | mring Ki Jayawinata aglis | anulya linurugan | Ngenta-enta rawuh | pan sampun campuh ing yuda | ramening prang Jayawinata kalindhih | wongirakèh palastra ||
134.092 dêmang Jayawinata mlaywaglis | sêdya lajêng marang Kartasura | atur uninga karsane | Ki Dana kang winuwus | wus akarya punggawa mantri | akèh patinggi desa | kang madêg tumênggung | wus andadi barisira | Kyai Dêmang Jayawinata wus prapti | nagari Kartasura ||
134.093 katur marang kangjêng sri bupati | yèn mantune Gêdhe Pacukilan | mangkya umadêg barise | Ngenta-enta dinunung | langkung duka sri narapati | sagung wadya punggawa | jawi kang tinuduh | ambêdhah ing Ngenta-enta | sigra budhal ingkang minăngka têtindhih | Pangeran Pringgalaya ||
134.094 timbalanira sri narapati | yèn Si Dana kacandhak ing rana | dèn gawaa urip bae | sang nata arsa dulu | lan malihe dèn punagèni | yèn praptèng Kartasura | gyanira linampus | kinarya pangewan-ewan | dèn rampoga ing êdom wong sanagari | warnanên kang lumpah |[1]|
134.095 Pangeran ing Pringgalaya [18: 42] prapti | Ngenta-enta lan sagung punggawa | sira cundhuk lan mungsuhe | ramya campuh prangipun | pra punggawa Kartasurèki | samya ngantêp ing yuda | tandange gumrêgut | samyajrih timbalan nata | myang Pangeran Pringgalaya angawaki | wong karaman kèh pêjah ||
134.096 Ki Mas Dana wus malayu gêndring | gya ingêsuk mring wong Kartasura | mring Barabudhur loroge | ardi sigra kinêpung | pan kacandhak Ki Dana aglis | binănda wus ginawa | mring Kartasurèku | wong cilik kèh binoyongan | sigra budhal Pangeran Pringgalayèki | myang sagung pra punggawa ||
834 dari 1.487

 


Kurang satu suku kata: warnanên kang lumampah. (kembali)