Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
134 dari 234
826–827 dari 1.487
8.257–8.266 dari 14.865
134.013 mulane tan tulus madêg aji | Si Kêncèt atine tan raharja | nora tulus saujare | ya [18: 25] ta ingkang winuwus | jêng susunan binêkta aglis | minggah dhatêng ing kapal | kang wadyakèh tumut | myang sawêkadharanira | tuwin sagung pusaka binêkta sami | minggah dhatêng ing palwa ||
134.014 Sinuhun Pakubuwana nênggih | wus utusan dhatêng Surapringga | mundhut Ki Wiragunane | Arya Tiron pinundhut | lan Mandurarêjèku sami | myang Arya Pulangjiwa | Mangunnagarèku | kumêndur datan lênggana | Susunan Mas wus mancal sawadyanèki | binêkta mring Jakarta ||
134.015 kêkalih mantri angrasa wani | ênêngêna ingkang sampun mancal | ya ta kawarnaa malèh | kang mêntas mênang pupuh | nagri Malang wus dèn obongi | dhatêng Pangran Balitar | myang sawadyanipun | Dipati Wiranagara | lan arine angungsi dhatêng wanadri | wong cilik binoyongan ||
134.016 nagri bang wêtan pan sampun radin | arine Dipati Pasuruan | pawèstri kaboyong mangke | myang punggawa Paceku | kang pinundhut ing sri bupati | Kiyai Wiraguna | lan sakancanipun | asrah mring Pangran Balitar | Arya Pulangjiwa pan minggat ing ratri | umpêtan dhatêng wana ||
134.017 Rahadyan Pulangjiwa anênggih | kala jênênge Susunan Êmas | Pangran Balitar jênênge | sarêng kendhang sang prabu | têluk marang Kartasuraglis | pinundhut jênêngira | karsane sang prabu | sampun nyênyami kang putra | winastanan Arya Pulangjiwa nênggih | mila sakit ing driya ||
134.018 nulya minggat nusul mring Kadhiri | mangkya pinundhut malih de nata | ki arya sangêt [18: 26: sa...ngêt] ajrihe | ing mangke sampun katur | yèn ki arya minggat ing ratri | Jêng Pangeran Balitar | sangêt dukanipun | Ki Tumênggung Suralaya | ing Barêbês wau kang kinèn ngulari | anasak wana-wana ||
134.019 Arya Pulangjiwa wus kapanggih | nèng madyaning wana Pasêdhahan | nulya pinêjahan age | murda pinocok sampun | Ki Tumênggung Suralayèki | mantuk sawadyanira | praptèng ngarsa matur | dhatêng Pangeran Balitar | yèn Ki Arya Pulangjiwa wus ngêmasi | pangran tusthèng wardaya ||
134.020 Jêng Pangeran Balitar lingnyaris | Kandhuruan Wilatikta sira | mantuka marang prajage | lah iki layang ingsun | aturêna kangjêng ramaji | lan sagung bêboyongan | èstri ayu-ayu | kang saking nagari Malang | aturêna marang kangjêng sri bupati | Kandhuruan tur sêmbah ||
134.021 lawan malih Si Wiragunèki | Arya Tiron lan Mangunnagara | tuwin Mandurarêjane | kapat bêktanên mantuk | poma sira dèn ngati-ati | rumêksa anèng marga | kang kinon wotsantun | Kandhuruan Wilatikta | sigra mentar datan kawarna ing margi | wus praptèng Kartasura ||
134.022 cundhuk lawan Ki Cakrajayèki | Kandhuruan wus binêkta seba | katur mring nata praptane | pan tinimbalan gupuh | prapta ngabyantara narpati | manêmbah ing suku sang | mangusapi lêbu | sang nata alon lingira | Kandhuruan ingutus paran sirèki | marang ing gustinira ||
826–827 dari 1.487