Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
134 dari 234
835–836 dari 1.487
8.345–8.354 dari 14.865
134.101 mantun dènira lunggwèng apatih | pan kinarya têtindhih panêkar | pan kawindu sêngkalane | warna têtiga ratu | duk apatya dadya satunggil | Tumênggung Cakrajaya | kang maksih lêstantun | parentah ing tanah Jawa | tunggil warsa Ki Wirancana tinuding | amangun masjid Dêmak ||
134.102 sirapipun kang dipun salini | sri narendra ambêktani arta | pan sèwu reyal kathahe | tri wulan laminipun | Ki Tumênggung Wirancanèki | jênêngi aneng Dêmak | sawusira mantuk | sapraptaning Kartasura | tan alami Ki Wirancana ngêmasi | angungun sri narendra ||
134.103 duk uripe Ki Wirancanèki | abdi dalêm gêdhong keri kanan | Wirancana têtindhihe | myang wong kaparak iku | wadanane amung satunggil | pangeran ing Balitar | pan têtindhihipun | mangkana Ki Wirancana | tilar sunu jalu pan maksih taruni | maksih bodho ing karya ||
134.104 mila datan gumantyèng ramèki | karsanira kangjêng sri narendra | kinèn amulang muruke | marmanipun ginadhuh- | akên maring Kartanagari [18: 44: Kar...tanagari] | pan andikaning nata | gantya kang winuwus | pambalike pun Winongan | Radèn Tirtakusuma umadêg baris | anggitik Pasuruan ||
134.105 kang jumênêng Pasuruan nguni | kêkasihe Tumênggung Jadita | duk Pasuruan bêdhahe | punika kang tinandur | Pasuruan apan katiti | mangkana Ki Jadita | sampun kapalayu | dening bala ing Winongan | Pasuruan apan sampun dèn anciki | mring Dyan Martakusuma ||
134.106 sampun katur dhatêng sri bupati | yèn pun Tirtakusuma Winongan | tuhu lamun pambalike | langkung duka sang prabu | Kyai Kartanagara aglis | kinon nglurug mangetan | lan sakancanipun | sagunging para punggawa | wong pasisir bang wetan kang dèn tindhihi | angrusak ing Winongan ||
134.107 tan kawarna ing marga wus prapti | ing Winongan rame dènnya yuda | pan tigang căndra lamine | Winongan sampun gêmpur | kuthanira wus dèn obongi | rabinira Rahadyan | Tirtakusumèku | kaboyong mring Kartasura | pan ambêkta atmaja lanang satunggil | Mas Kaji wastanira ||
134.108 Radèn Tirtakusuma anênggih | pan lumayu dhatêng ing Lumajang | kang nglurug wus mantuk age | sigra kyai tumênggung | Pasêdhahan dipun pêjahi | ingkang aran Jadita | anèng alun-alun | dosane tiwas rumêksa | ing prajane milane dipun pêjahi | sampun agênti warsa [18: 45] ||
111. Arya Jayapuspita ing Surabaya ambalela mrinani kakangipun
134.109 gantya ingkang kawuwusa malih | Jayapuspita ing Surabaya | dènnya gumantyèng kakange | amung sowan sa-Mulud | wadyèng Surabaya kinêrig | kacatur tigang nambang | sêsêliranipun | wadya saragni sanambang | kang rong nambang ingaran wong talangpati | samya kre gêgêndèran ||
134.110 sikêp waos mamas binajinggring | kapurancak myang katêmpur ingas | wrêgu tulup lan bung ampèl | lan mantrinira agung | tuwin arinira kêkalih | Apanji Surèngrana | rinya kang waruju | sira Panji Kartayuda | ari kalih nyèwu sikêp ing ajurit | binêktèng Kartasura ||
835–836 dari 1.487