Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
134 dari 234
836–837 dari 1.487
8.353–8.362 dari 14.865
111. Arya Jayapuspita ing Surabaya ambalela mrinani kakangipun
134.109 gantya ingkang kawuwusa malih | Jayapuspita ing Surabaya | dènnya gumantyèng kakange | amung sowan sa-Mulud | wadyèng Surabaya kinêrig | kacatur tigang nambang | sêsêliranipun | wadya saragni sanambang | kang rong nambang ingaran wong talangpati | samya kre gêgêndèran ||
134.110 sikêp waos mamas binajinggring | kapurancak myang katêmpur ingas | wrêgu tulup lan bung ampèl | lan mantrinira agung | tuwin arinira kêkalih | Apanji Surèngrana | rinya kang waruju | sira Panji Kartayuda | ari kalih nyèwu sikêp ing ajurit | binêktèng Kartasura ||
134.111 katur maring kangjêng sri bupati | lamun Ki Arya Jayapuspita | asanega ing sebane | sang nata sukèng kalbu | nulya undhang anyêlut kêris | kancana myang salaka | wanèh kang balitung | asri tinrapan ing êmas | sira Arya Jayapuspita tan lami | nèng nagri Kartasura ||
134.112 sigra mantuk marang Surawèsthi | sapraptanira ing Surabaya | datan arsa seba malèh | rêmbag sakadangipun | apan sêdya ngulati ugi | mangkana ingutusan | mantri kang lumaku | Ki Tumênggung Sumabrata | kanthinipun mantri jro ingkang umiring | aran Diramênggala ||
134.113 samadya căndra nèng Surawèsthi | duta nata Kyai Sumabrata | lan Ki Diramênggalane | nanging Japuspitèku | asêmaos sebanirèki [18: 46: sebanirè...ki] | ature nanggèng krama | duta kalih mantuk | wus praptèng ing Kartasura | Sumabrata tumamèng ngabyantaraji | katur sasolahira ||
134.114 sri narendra animbali patih | kinon pracaya marang Samarang | Surabaya pamogoke | apatih sigra nuduk | gya umêsat kêkalih mantri | bêkta surat narendra | nahan kang winuwus | sirarya Jayapuspita | saungkure Ki Sumabrata dutaji | akèn ing arinira ||
134.115 Panji Surèngrana kinèn wiwit | mantuk saking nagri Surabaya | datan kawarna lampahe | nagri Lamongan rawuh | sira Panji nulya awiwit | budhal saking Lamongan | Garêsik tinuju | saking Giri dènnya minggah | wong Lamongan ingadu anglanggar biting | sawulan ora kangkat ||
134.116 kawarnaa dutaning narpati | sampun prapta nagari Samarang | sampun katampèn surate | marang sira kumêndur | tinupiksa wus dèn urmati | kumêndur asiyaga | wus numpak ing laut | layar marang Surabaya | sapraptane ing Surabaya apanggih | lan Arya Japuspita ||
134.117 sira kumêndur têtanya aris | marang Dipati Jayapuspita | dening apanji solahe | Jayapuspita tambuh | saking awonipun pun Panji | kumêndur pan kèmêngan | mangkana pinatut | biting Garêsik binubrah | nulya mantuk kumêndur maring Samawis | apanji minta sraya ||
134.118 utusan marang nagari Bali | ing Garêsik winêton sagara | Dewa Kaloran srayane [18: 47] | wong Garêsik anungkul | mungsuh prapta ing têngah wêngi | gègère apuyêngan | kathah kang kacakup | wadyalit mawur sasaran | sabudhale wau nagari Garêsik | mantuk Dewa Kaloran ||
836–837 dari 1.487