Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
134 dari 234
836–837 dari 1.487
8.357–8.366 dari 14.865
134.113 samadya căndra nèng Surawèsthi | duta nata Kyai Sumabrata | lan Ki Diramênggalane | nanging Japuspitèku | asêmaos sebanirèki [18: 46: sebanirè...ki] | ature nanggèng krama | duta kalih mantuk | wus praptèng ing Kartasura | Sumabrata tumamèng ngabyantaraji | katur sasolahira ||
134.114 sri narendra animbali patih | kinon pracaya marang Samarang | Surabaya pamogoke | apatih sigra nuduk | gya umêsat kêkalih mantri | bêkta surat narendra | nahan kang winuwus | sirarya Jayapuspita | saungkure Ki Sumabrata dutaji | akèn ing arinira ||
134.115 Panji Surèngrana kinèn wiwit | mantuk saking nagri Surabaya | datan kawarna lampahe | nagri Lamongan rawuh | sira Panji nulya awiwit | budhal saking Lamongan | Garêsik tinuju | saking Giri dènnya minggah | wong Lamongan ingadu anglanggar biting | sawulan ora kangkat ||
134.116 kawarnaa dutaning narpati | sampun prapta nagari Samarang | sampun katampèn surate | marang sira kumêndur | tinupiksa wus dèn urmati | kumêndur asiyaga | wus numpak ing laut | layar marang Surabaya | sapraptane ing Surabaya apanggih | lan Arya Japuspita ||
134.117 sira kumêndur têtanya aris | marang Dipati Jayapuspita | dening apanji solahe | Jayapuspita tambuh | saking awonipun pun Panji | kumêndur pan kèmêngan | mangkana pinatut | biting Garêsik binubrah | nulya mantuk kumêndur maring Samawis | apanji minta sraya ||
134.118 utusan marang nagari Bali | ing Garêsik winêton sagara | Dewa Kaloran srayane [18: 47] | wong Garêsik anungkul | mungsuh prapta ing têngah wêngi | gègère apuyêngan | kathah kang kacakup | wadyalit mawur sasaran | sabudhale wau nagari Garêsik | mantuk Dewa Kaloran ||
134.119 asêmados wangsulira malih | Panji Lamongan apan akathah | ambêktani rêrubane | kang katur ing dewagung | Ki Kaloran dutanirèki | mangkana kang winarna | nagri Surèngkewuh | Dipati Jayapuspita | apratăndha wus angadêgakên baris | ngirup măncanagara ||
134.120 Panji Kartayuda kang tinuding | anggêcaka mring măncanagara | lumaksana ing barise | ngirid prajurit sèwu | nagri Japan kang dèn margani | wong Japan tan kawawa | amêthuk ing ripu | prasamya nungkul kewala | nagri Japan samana wus dèn liwati | lajêng mring Wirasaba ||
134.121 wadyèng Wirasaba samya ngili | dipatine ngumpul marang Daha | Apanji Kartayudane | ing Wirasaba rawuh | dipati kapanggih sêpi |[1] pan sampun tinanêman | Kartayuda laju | ngrabasèng nagari Daha | wong Kadhiri sampun amiyarsa warti | sanega mêthuk ing prang ||
134.122 nahan kang lagya yun-yunan jurit | kawarnaa Panji ing Lamongan | sampun lumampah barise | anggêcak ing Sidayu | ramening prang wadyakèh mati | kitha Sidayu bêdhah | Panji sigra wangsul | mingêr anggêcak ing Jipang | tan winarna ing marga Jipang wus prapti | lajêng campuh ing yuda ||
836–837 dari 1.487

 


Kurang satu sukukata . adipati kapanggih sêpi. (kembali)