Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
134 dari 234
837–838 dari 1.487
8.367–8.376 dari 14.865
134.123 wadyèng Jipang yudane kalindhih | sira Tumênggung Surawijaya | kadarojog [18: 48: kada...rojog] duk kèngsêre | gugup tanpolih kiwul | wong Lamongan gya wangsul malih | lajêng ngrabasèng Tuban | samana wus rawuh | ing Tuban campuh ing yuda | wadyèng Tuban ingamuk sampun angisis | kuthane wus kancikan ||
134.124 kawarnaa kang anèng Kadhiri | duk samana campuh ing ayuda | Apanji Kartayudane | wong Kadhiri anggrêgut | wadyèng Surabaya mangukih | ambyuk mangamuk rampak | wong Kadhiri mawur | sira Panji Kartayuda | saha bala sampun angancik Kadhiri | anungkul wong bang wetan ||
134.125 kunêng gantya wau kang winarni | sri naranata ing dina Soma | siniwaka ing wadyandhèr | dêmang răngga tumênggung | pêcatăndha lan ăndhamoi | ngabèi sinangarya | kandhuruanipun | myang Apatih Cakrajaya | munggwing ngarsa abukuh saha wotsari | umatur ing narendra ||
134.126 ywan nagari dalêm Surawèsthi | mangkya pun Arya Jayapuspita | tuhu lamun pangadêge | sampun angirup-irup | abdi dalêm măncanagari | bang wetan ginêcakan | myang pasisiripun | ing Sidayu sampun bêdhah | miwah Tuban ing Jipang sampun kalindhih | Kadhiri wus kancikan ||
134.127 asru ngandika sri narapati | hèh Apatih Cakrajaya sira | pracayaa dipun age | ya marang si kumêndur | yèn wong Surabaya ambalik | lan sira siyagaa | sagêgaman pupuh | sira dhewe lumarisa | mêtu êlor ngirida bala pasisir | dening măncanagara ||
134.128 Si Tumênggung [18: 49] Kartanagarèki | kang sun tuduh iku nindhihana | mêtu wong kidul lakune | lawan sira dèn gupuh | amundhuta bala Kumpêni | apatih atur sêmbah | sigra wêdalipun | saking pura undhang-undhang | wus amatah duta kang marang Samawis | wong Kartasura dandan ||
134.129 kawarnaa carakèng narpati | ingkang dhatêng nagari Samarang | prapta katampan surate | marang sira kumêndur | tinupiksa wus dèn urmati | kumêndur pan kampita | angundhangi sampun | bala Kumpêni siyaga | lan kumêndur tur wikan maring Batawi | wus mêsat dutanira ||
134.130 tan winarna solahira nênggih | Kyai Tumênggung Kartanagara | andhingini ing budhale | saking Kartasuresuk | ngirid wadya măncanagari | Apatih Cakrajaya | kang maksih angantun | anganti bala Walănda | duk samana kumêndur utusan aglis | ajangji angkatira ||
134.131 Ki Tumênggung Cakrajaya aglis | budhal saking nagri Kartasura | miyos Samarang lampahe | swaraning bala umung | busananya awarni-warni | tinon lir puspitabra | asri ywan dinulu | tuwin sagunging punggawa | tan kawarna ing marga praptèng Samawis | gantya kang kawuwusa ||
134.132 Ki Tumênggung Kartanagarèki | lampahira apan sampun prapta | ing Jipang têpis iringe | lami dènnya kêkuwu | ngantos wadya măncanagari | pakumpulan ing Jipang | pun Răngga Madiun | myang Kaduwang Kamagêtan | ing Balora ing Warung myang Saosragi | amung [18: 50: a...mung] ing Garobogan ||
837–838 dari 1.487