Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
134–135 dari 234
838–839 dari 1.487
8.377–8.386 dari 14.865
134.133 punggawa kalih sami pinijig | mila Ki Tumênggung Cakrajaya | miyos pasisir lampahe | Dyan Suryawinatèku | lawan Sasrawinata nênggih | kang wayah panêmbahan | Madura karuhun | pinaringan ing Madura | kang saduman nanging ta datan alami | anulya tinimbalan ||
134.134 pinaringan Garobogan nênggih | Surawinata Sasrawinata | warnanên wau lampahe | Ki Kartanagarèku | sampun ayun-ayunan jurit | lan Panji Surèngrana | anèng Majaranu | Tumênggung Surawijaya | sigra kumpul lan Ki Kartanagarèki | wus agêng barisira ||
134.135 Ki Tumênggung Surawijayèki | wus siyaga lan sawadyanira | myang măncanagara mangke | budhal arsa umagut | Kyai Kartanagarèng wuri | minăngka tindhihing prang | Panji sigra mêthuk | ramya campuh ing ayuda | kadya măncanagara yudanya ngungkih | tan sêdya ngundurana ||
135. Durma
135.001 Panji Surèngrana rame dènnya yuda | lan wong măncanagari | myang wong Kartasura | buru-binuru samya | wadyalit kathah ngêmasi | sapih kang yuda | nênggih kasapwèng ratri ||
135.002 kutha Jipang anênggih sampun kancikan | mring wong Kartasurèki | Panji mundur sigra | dhatêng nagri Lamongan | wontên dasih tur upaksi | yèn nagri Tuban | sampun kancikan malih ||
135.003 mring Ki Răngga wong pasisir kang binêkta | Lasêm Kudus lan Pathi | Rêmbang myang Juwana | Apanji Surèngrana | mila mundur [18: 51: mu...ndur] sawadyèki | kang kawarnaa | Dewa Kaloran nênggih ||
135.004 prapta malih bêkta punggawa têtiga | kèndêl nagrèng Garêsik | dening kyèhning bala | pitung atus sadaya | wastaning punggawa katri | pun Dewa Soka | lan Dewa Made nênggih ||
135.005 Dewa Bagus wastane ingkang satunggal | Panji Surèngranèki | amanggihi sigra | mring Garêsik nagara | Dewa Kaloran wus panggih | lan Surèngrana | apirêmbagan sami ||
135.006 ri sampuning rêmbag panji ing Lamongan | arsa banjêla malih | dhatêng nagri Jipang | sira Dewa Kaloran | bêktani satus wong Bali | wontên satunggal | têtiyang ing Garêsik ||
135.007 pan binêkta dening Panji Surèngrana | aran Juragan Bali | agêng manahira | sugih wong têtêbusan | dêdêge agêng ainggil | Kyai Juragan | kêras ambêkirèki ||
838–839 dari 1.487