Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
134 dari 234
827–828 dari 1.487
8.264–8.273 dari 14.865
134.020 Jêng Pangeran Balitar lingnyaris | Kandhuruan Wilatikta sira | mantuka marang prajage | lah iki layang ingsun | aturêna kangjêng ramaji | lan sagung bêboyongan | èstri ayu-ayu | kang saking nagari Malang | aturêna marang kangjêng sri bupati | Kandhuruan tur sêmbah ||
134.021 lawan malih Si Wiragunèki | Arya Tiron lan Mangunnagara | tuwin Mandurarêjane | kapat bêktanên mantuk | poma sira dèn ngati-ati | rumêksa anèng marga | kang kinon wotsantun | Kandhuruan Wilatikta | sigra mentar datan kawarna ing margi | wus praptèng Kartasura ||
134.022 cundhuk lawan Ki Cakrajayèki | Kandhuruan wus binêkta seba | katur mring nata praptane | pan tinimbalan gupuh | prapta ngabyantara narpati | manêmbah ing suku sang | mangusapi lêbu | sang nata alon lingira | Kandhuruan ingutus paran sirèki | marang ing gustinira ||
134.023 kang dinangu matur awotsari | patik aji kawula dinuta [18: 27] | dhatêng putra nata mangke | dahat anuwun bêndu | kamipurun ngaturi tulis | mèsêm sri naranata | kang sêrat pinundhut | nulya wau tinupiksa | mring sang nata dyan bêbukaning tulis |[1] kawulatur uninga ||
134.024 dhatêng paduka sri narapati | patik aji mangkya lanang yuda | antuk barkat nata mangke | nagari mambêng gêmpur | pun Ngabèi Êlèr ngêmasi | Ngabèi Kidul pêjah | kasambut prang pupuh | dene ingkang amarjaya | abdi dalêm pun Wirasantika nênggih | langkung sudirèng rana ||
134.025 dene sutanipun Surapati | pun Bêrahim malajêng mring wana | lan pun Lêmbulêmbo rane | prajurite kèh lampus | rabinipun kathah kang kèri | katawan ing kawula | katura sang prabu | kabêkta pun Wilatikta | lawan malih pun Wiraguna anênggih | kalih Mandurarêja ||
134.026 katura dhatêng paduka aji | Arya Tiron myang Mangunnagara | nanging pun Pulangjiwane | minggat kalaning dalu | pan kacandhak wontên wanadri | mangkya sampun pralina | tugêl murdanipun | dening nagari bang wetan | sawarnine pukulun sampun waradin | sampun nungkul sadaya ||
134.027 nanging pusaka ing tanah Jawi | binêkta dhatêng ing Batawiyah | kawula têdha tan pawèh | langkung ngungun sang prabu | sapandurat tan kêna angling | wêkasan angandika | mring Cakrajayèku | hèh patih pangrasaningwang | nadyan kabèh pusaka ing tanah Jawi | ginawa mring [18: 28] Jakarta ||
134.028 iya ingkang rupa tumbak kêris | apan ora dadi galih ingwang | nanging sok maksiha mangke | sêtana Ngadilangu | lawan masjid Dêmak apatih | hèh iya wruhanira | kalih prakarèku | pusaka ing tanah Jawa | ingkang agêng datan ana malih-malih | ki patih awotsêkar ||
134.029 sri narendra angandika aris | Cakrajaya sira utusana | marang ing Malang dèn age | nimbali putraningsun | tuwin sagung para bupati | kabèh padha muliha | barênga sutèngsun | ki apatih awotsêkar | sampun mêdal wau saking kênyapuri | wus praptèng wijil pisan ||
827–828 dari 1.487

 


Kurang satu suku kata: maring sang nata dyan bêbukaning tulis. (kembali)