Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
135 dari 234
842–843 dari 1.487
8.420–8.429 dari 14.865
135.041 Ki Juragan Bali kinèn mantuk sigra | mring nagari Garêsik | ginotong ing wadya | wêlingira Apanjya | hèh poma Juragan Bali | yèn sira waras | nuli balia maning ||
135.042 tan kawarna ing marga Kyai Juragan | sampun praptèng Garêsik | nulya mangan sêga | sakite wus waluya | ya ta gantya kang winarni | Rêkyana Patya | Cakrajaya wus prapti ||
135.043 lan Kumêndur Gobyo wau rowangira | sami jujug mring loji | nênggih kacarita | loji ing Surabaya | Walandi kang jaga kêdhik | mung kawan dasa | samya angati-ati ||
135.044 pan mèh bêdhah rinuruh dening kang mêngsah | nulya Rêkyana Patih | Cakrajaya prapta | myang sagung pra punggawa | wus pêpak nèng Surawèsthi | sawadyanira | tuwin sagung Kumpêni ||
135.045 Ki Tumênggung Kartanagara wus prapta | nagari Surawèsthi | baris kidul kitha | aran desèng Sapanjang | nulya angaturi tulis | marang sang nata | miwah Rêkyana Patih ||
135.046 Cakrajaya prasamya ngaturi sêrat | dhatêng sri narapati | duta lumaksana | wus praptèng Kartasura | sêrat katur ing narpati | wus tinukpiksa[1] | bêbukaning kang tulis ||
135.047 sêratira Kiyai Kartanagara | pinariksa ing aji | kacayan[2] sang nata | andangu marang duta | iki sapa kang anulis | duta wotsêkar | pukulun kang anulis ||
135.048 abdi dalêm kêkasih pun Saratruna | anaking Sarawadi | lingira sang [18: 57] nata | warahên gustinira | carike sun pundhut mangkin | dèn ulihêna | marang Kartasurèki ||
135.049 kang caraka kêkalih sampun tinulak | pan binêktanan tulis | punang duta mêsat | ya ta kang kawarnaa | kang baris ing Surawèsthi | ayun-ayunan | prasamya abêbiting ||
135.050 sakathahe punggawa ing Kartasura | tuwin bala Kumpêni | prasami prayitna | mariyême tinata | tanapi wong Surawèsthi | prayitnèng baya | tan ana sêdya urip ||
842–843 dari 1.487

 


tinupiksa. (kembali)
kacaryan. (kembali)