Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
135 dari 234
846–847 dari 1.487
8.452–8.461 dari 14.865
135.073 mring sang nata sarya ngaturi uninga | yèn Juragan Garêsik | agêng manahira | purun nglabuhi karya- | nira kangjêng sri bupati | duta wus prapta | cundhuk lawan sang aji ||
135.074 Saratruna wus katur ngarsa narendra | langkung tustha sang aji | sigra tinimbalan | sira Ki Saratruna | wus kinarya lurah carik | ngalihkên aran | Carik Bajra namèki ||
135.075 sri narendra ngandika dhatêng caraka | warahên si apatih | mêngko Si Juragan | Bali dèn gêmpalêna | têlung atus wong Garêsik | sun wèhi aran | Ngabèi Tohjayèki ||
135.076 punang duta atur sêmbah sigra mêdal | tan kawarna ing margi | praptèng Surabaya | matur dhatêng ki patya | yèn katarima turnèki | Ki Cakrajaya | langkung suka ing galih ||
135.077 Ki Juragan nulya wau tinimbalan | dhatêng ing Surawèsthi | lan Tumênggung Têgal | Kyai Puspanagara | Garêsik nênggih kang kari | kinon ajaga | nagari ing Garêsik ||
135.078 Ki Tumênggung Têgal praptèng Surabaya | lawan Juragan Bali | sampun ingaranan | Ki Ngabèi Tohjaya | kalangkung suka ing ati | kang kawarnaa | Panji Kartayudèki ||
135.079 aranipun Dipati Jayapuspita | ing mangke lagi prapti | saking nagri Daha | datan malêbèng kitha | angrêriwuk anèng [18: 61] jawi | kèhing kang wadya | rongèwu winatawis ||
135.080 bala Kartasura kang baris Sapanjang | nênggih kang dèn setani | wong Kartanagaran | tan bisa golèk pangan | yèn sampuna kanthi biting | watawis rusak | wadyèng Kartasurèki ||
135.081 ngiwad-ngiwud sira Panji Kartayuda | pinarapat kang dasih | bêdhug dalu prapta | ngamuk sawadyanira | bakda subuh prapta malih | angamuk rampak | wanci ngasar pan prapti ||
135.082 sêdhih kingkin ingkang baris ing Sapanjang | tan ana kang binukti | Panji Kartayuda | kang ngadhangi ing marga | ya ta gantya kang winarni | Ki Cakrajaya | apirêmbagan sami ||
846–847 dari 1.487