Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
135 dari 234
846–847 dari 1.487
8.460–8.469 dari 14.865
135.081 ngiwad-ngiwud sira Panji Kartayuda | pinarapat kang dasih | bêdhug dalu prapta | ngamuk sawadyanira | bakda subuh prapta malih | angamuk rampak | wanci ngasar pan prapti ||
135.082 sêdhih kingkin ingkang baris ing Sapanjang | tan ana kang binukti | Panji Kartayuda | kang ngadhangi ing marga | ya ta gantya kang winarni | Ki Cakrajaya | apirêmbagan sami ||
135.083 lan Kumêndur Gobyo wau rowangira | angling rêkyana patih | lah kumêndur nêdha | mangsah ing adilaga | punapa ingkang dèn anti | pan sampun lama | nèng nagri Surawèsthi ||
135.084 ngling Kumêndur Gobyo hèh ki patih nêdha | sigra rêkyana patih | undhang mring punggawa | kinèn sami siyaga | sakapraboning ajurit | sagung punggawa | nêmbang têngara atri ||
135.085 nulya mêdal wau sagung pabitingan | wadyalit samya kardi | tingkês lawan jagang | ingkang lumampah ngarsa | dene tatane kang baris | Kumpêni têngah | dadya dhadhaning jurit ||
135.086 tuwin wadya Bugis Makasar Sêmbawa | tan têbih lan Walandi | kang dadya pangawat | Dipati Jayaningrat | anindhihi wong pasisir | ingkang pangiwa | dadi pangawat keri ||
135.087 ingkang têngên pan dadi pangawat kanan | kang pinăngka [18: 62: pi...năngka] têtindhih | Kyai Adipatya | Citrasomèng Japara | Tumênggung Cakrajayèki | pan anèng têngah | tunggil lawan Kumpêni ||
135.088 kadya mêndhung barise rêkyana patya | awor baris Kumpêni | tan kêna winilang | sakèh papan kèbêkan | tanapi wadyèng pasisir | tanpa wilangan | tinon lir parwatapi ||
135.089 wadyèng Surabaya sampun asiyaga | kang anindhihi baris | nênggih arinira | Arya Jayapuspita | warnane anom apêkik | pan sanès biyang | lan Jayapuspitèki ||
135.090 kêkasihe gantyani swargining raka | ran Jangrana Ngabèi | kang kinarya dhadha | wadya kaum sadaya | sami arasukan putih | para ngulama | pitung atus kèhnèki ||
846–847 dari 1.487