Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
135 dari 234
849–850 dari 1.487
8.487–8.496 dari 14.865
135.108 kang turăngga pêjah anglir pendah karang | dhadhap tamèng myang tamsir | tinon kadya mina | angambang nèng samodra | awor lindhu andhatêngi | agrèng parbata | mènggung lwir rug kang ardi ||
135.109 kang akasa kêlab kadya bêdhah bêlah | liwêran kilat thathit | lintang sumamburat | tinon kadya kiyamat | bala Kumpêni sirnanting | sisaning pêjah | lumayu ngungsi biting [18: 65] ||
135.110 kang pangawat keri sigra tinarajang | mring mantri Surawèsthi | tandange lir yaksa | sira Jaka Tangkêban | ingkang kinarya têtindhih | rame kang yuda | mêngsah bala pasisir ||
135.111 sira Jaka Tangkêban angamuk rampak | kang tinarajang gusis | Dipati Janingrat | sumyur sawadyanira | dèn amuk ing para mantri | wong Pakalongan | sami malayu wingwrin ||
135.112 ya ta wau Apanji Wiranagara | awas dènnya ningali | yèn Sang Adipatya | Jayaningrat malaywa | arsa pêpulih ing jurit | mingêr barisnya | kasêlak mungsuh prapti ||
135.113 pan kalingkung Apanji Wiranagara | wadyabala ing Têgil | datan antuk papan | gègèr madyèng palagan | tinêmpuh saking ing wuri | myang keri kanan | para mantri ing Têgil ||
135.114 sami dhepok tan ana ingkang lumajar | kawratan sihing gusti | wadya Surabaya | asru panêmpuhira | wong Têtêgal dèn bêdhili | pan tinowokan | binusur lan linêmbing ||
135.115 kacarita Apanji Wiranagara | darbe ari satunggil | aran Agrayuda | nangis nungkêmi pada | tuwin ingkang para mantri | sami karuna | sarya matur ing gusti ||
135.116 gustiningsun Apanji Wiranagara | lumayua tumuli | rêbuta koripan | ngungsia pabitingan | patine ingsun andhêmi | anggèr paduka | tulusa mukti sari ||
135.117 sira Panji Wiranagara ing Têgal | amicarèng jro ati | nadyan lumayua | măngsa wurunga pêjah | mandah ucape ing bumi [18: 66: bu...mi] | yèn sun lumajar | benjing nak putu mami ||
849–850 dari 1.487