Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
135 dari 234
850–851 dari 1.487
8.498–8.507 dari 14.865
135.119 wadyabala ing Têgal kathahên lawan | kiwul-kiwul tanpolih | mantri Surabaya | langkung sudirèng rana | lagya winong ing Hyang Widi | jinajayèng prang | marma tanpolih tandhing ||
135.120 Sang Apanjya Têtêgal lir Partatmaja | duk rinêbut ing jurit | marang wong Ngastina | ingkang para santana | kawan dasa kathahnèki | tumpês sadaya | siji tan ana urip ||
135.121 kang ambêkta bawat lante lan kandhaga | pêjah ngarsaning gusti | sira Sang Apanjya | Wiranagara Têgal | jajanira akrêp kanin | pating paluncar | niba nulya ngêmasi ||
135.122 marang gone kalih atus ingkang pêjah | parêk kalawan gusti | wadya Surabaya | samya asêmu waspa | niat kunarpanirèki | Wiranagara | bagus lêgawèng pati ||
135.123 kawarnaa Ki Tumênggung Cakrajaya | mundur sawadyanèki | Kumpêni wus rusak | kumêndur ing Samarang | tan pisah lawan ki patih | sabalanira | angungsi marang biting ||
135.124 kang pangawat têngên wus sumyur sadaya | datan amăngga pulih | akèh kang palastra | kasêbyur jroning toya | Ki Ngabèi Tohjayèki | tumut pangawat | kanan sarowangnèki ||
135.125 praptinira Kyai Ngabèi Tohjaya | arsa nanggulang jurit | nging kèlês [18: 67: kèlê...s] ing wadya | ingkang sami malaywa | dadya akiwul tanpolih | wêkasan misah | lumampah nurut kali ||
135.126 manggih jungkung anèng sapinggiring toya | nulya dipun tindhihi | lan sarowangira | karsanirèng wardaya | angulari ki apatih | kapanggih sigra | mêntas sarowangnèki ||
135.127 wus malêbêt marang jroning pabitingan | panggih lawan ki patih | sami ngungunira | aturipun Tohjaya | kiyai dika tangguhi | sampun lumajar | darapon tiyang alit ||
135.128 wontên pangungsène kang sami lumaywa | tuwin bala Kumpêni | sasisane pêjah | dening jasad kawula | sampeyan damêl pangarsi | Ki Cakrajaya | langkung tustha ing ati ||
850–851 dari 1.487