Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
135 dari 234
851–852 dari 1.487
8.504–8.513 dari 14.865
135.125 praptinira Kyai Ngabèi Tohjaya | arsa nanggulang jurit | nging kèlês [18: 67: kèlê...s] ing wadya | ingkang sami malaywa | dadya akiwul tanpolih | wêkasan misah | lumampah nurut kali ||
135.126 manggih jungkung anèng sapinggiring toya | nulya dipun tindhihi | lan sarowangira | karsanirèng wardaya | angulari ki apatih | kapanggih sigra | mêntas sarowangnèki ||
135.127 wus malêbêt marang jroning pabitingan | panggih lawan ki patih | sami ngungunira | aturipun Tohjaya | kiyai dika tangguhi | sampun lumajar | darapon tiyang alit ||
135.128 wontên pangungsène kang sami lumaywa | tuwin bala Kumpêni | sasisane pêjah | dening jasad kawula | sampeyan damêl pangarsi | Ki Cakrajaya | langkung tustha ing ati ||
135.129 amiyarsa ature Panji Tohjaya | nulya bala pasisir | kang sami lumajar | wus samya tinimbalan | kacarita ki apatih | adarbe wadya | wolung dasa kèhnèki ||
135.130 wayahira sadaya sami taruna | rinayat tur ginajih | nênggih ingaranan | tiyang tarunasura | sami kinulambèn kuning | asikêp watang | mamas sami jininggring ||
135.131 dening bala kapatihan ingkang kathah | dadya pangawat keri | myang pangawat kanan | Kiyai Sutayuda | ingkang minăngka têtindhih | lan Ekatruna | sami angrêksa biting ||
135.132 munggèng keri Ki Ngabèi Sutayuda | kanan Ekatrunèki | bala Surabaya | anulya sira prapta | angêlut dhatêng ki patih | umung kang surak | gong bèri asru muni ||
135.133 galaganjur tinêmbang munya angangkang [18: 68: angang...kang] | barung lan carabali | wadyèng Kartasura | angrês ing manahira | miyarsa gamêlan atri | wong Surabaya | alok sarya bêdhili ||
135.134 nulya ngrangsang bitinge Ki Cakrajaya | sigra campuh kang jurit | wadya trunasura | tinêmpuh barisira | wong trunasura tan gingsir | rame kang yuda | samya rok silih ukih ||
851–852 dari 1.487