Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
135 dari 234
852–853 dari 1.487
8.514–8.523 dari 14.865
135.135 Ki Tohjaya pangamuke kadi yaksa | nèng ngarsane ki patih | bala Surabaya | kang tinarajang bubar | Tumênggung Cakrajayèki | angagêm rotan | nindhihi anèng wuri ||
135.136 samangsane wong trunasura mêngkaba | ki patih anudingi | ngrotan sarya mojar | hèh bocah trunasura | lah padha wangsula malih | aywa lumajar | ingsun anjaluk kardi ||
135.137 marang sira sapisan iki kewala | wong trunasura bali | sabên arsa mêngkab | Tumênggung Cakrajaya | kadya punika dènnyangling | wong trunasura | dadya kukuh kang jurit ||
135.138 pra punggawa pasisir mawur sadaya | sami ngungsi ki patih | wadya Surabaya | asru pangêludira | kang kacandhak dèn pêjahi | wong Pakalongan | akèh longe kang mati ||
135.139 Ki Tumênggung Puspanagara ing Batang | maksih kathah kang ngiring | lumayu lon-lonan | ngungsi Ki Cakrajaya | sarêng parêk lan ki patih | wong trunasura | wau ingkang nulungi ||
135.140 sampun kumpul lan Tumênggung Cakrajaya | wus binubuhan biting | Kyai Citrasoma | myang Dipati Janingrat | anunggal dadi sawiji | wong Surabaya | kang buru [18: 69] sampun prapti ||
135.141 anarajang bitinge Ki Ekatruna | sampun campuh kang jurit | rame dènnya yuda | sira Ki Ekatruna | anênggih katiban mimis | jajanya bêngkak | niba sampun ngêmasi ||
135.142 kancanipun prasamya mawur sadaya | wadya ing Surawèsthi | tandange lir yaksa | mèh munggah pabitingan | ki patih angatag aglis | wong trunasura | sigra kinon nulungi ||
135.143 myang Kumpêni sami atulung ing yuda | ya ta kasapwèng ratri | mantri Surabaya | mundur sarwi ambêkta | kunarpanira Apanji | Wiranagara | sawadyanya kang mati ||
135.144 karsanira pinêtak ing Surabaya | sasanake kang lalis | datan kênthang-kênthang | binêkta mring jro kitha | Ki Arya Japuspitèki | mundur mring kitha | sawadyanya umiring ||
852–853 dari 1.487