Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
135 dari 234
853–854 dari 1.487
8.524–8.533 dari 14.865
135.145 praptèng wisma sigra anabuh gamêlan | munggang pinirsa atri | bala Kartasura | angrês sêngkalanira | lar dadi obahing bumi |[1] kang kawuwusa | Panji Surèngranèki ||
135.146 sampun budhal wau saking wana Jipang | arsa nukup ing jurit | bala Kartasura | kang abaris Sapanjang | lampahira sampun prapti | ing Surabaya | sawadyanya umiring ||
135.147 kawarnaa Tumênggung Surawijaya | sampun miyarsa warti | lamun Surèngrana | bala saking ing wana | nulya nusul sawadyèki | praptèng Sapanjang | masanggrahan tumuli ||
135.148 bala Kartasura asrêp manahira | ingkang sami abaris | anèng ing Sapanjang | antawis tigang dina | wong Surabaya dhatêngi | rame [18: 70] kang yuda | ing wayah madya ratri ||
135.149 Rănggalawe saking lèr dènnya narajang | Panji Surèngranèki | nêmpuh saking wetan | Apanji Kartayuda | saking kidul andhatêngi | wong Kartasura | lir gabah dèn intêri ||
135.150 Ki Tumênggung Surawijaya ing Jipang | sura pêngkuh ing jurit | wadyabala Jipang | nêngguh rinoban lawan | ingurugan busur lêmbing | pasêr lan panah | binendrongan ing bêdhil ||
135.151 wadya Jipang akathah ingkang kabranan | wong Bali sami gusis | Ki Surawijaya | datan arsa mundura | binendrongan dening bêdhil | nanging tan pasah | ingurugan jêmparing ||
135.152 mêksih gègèr Tumênggung Surawijaya | sigra dipun pasêri | kêni jajanira | nênggih bucêk satuma | ingusap karaos sakit | kang kawarnaa | Ki Kartanagarèki ||
135.153 karsanira atêtulung adilaga | sampun dipun ajangi | mring wong Surabaya | datanpantuk tulunga | dènnya jurit têngah wêngi | kongsi raina | sampun pisah kang jurit ||
135.154 pêndhak sore Tumênggung Surawijaya | kacarita ngêmasi | bala Kartasura | angrês ing manahira | têngah dalu bubar sami | akuceceran | kathah kang kari margi ||
853–854 dari 1.487

 


Tanggal: lar dadi obahing bumi (AJ 1642). Tahun AJ 1642 jatuh antara tanggal Masehi: 5 Desember 1717 sampai dengan 24 November 1718. (kembali)