Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
135 dari 234
854–855 dari 1.487
8.539–8.548 dari 14.865
135.160 lamun arsa mangan anisil kewala | miwah yèn arsa guling | asare anungsang | wus antuk tigang dina | angucap mring ki apatih | Ki Cakrajaya | nagari Surawèsthi ||
135.161 langkung awrat nênggih pangraos kawula | lami kula don jurit | nagri tanah sabrang | akathah ingkang pêcah | dhatêng kawula ing nguni | tan ngraos wêgah | gèn kawula don jurit ||
135.162 amung mangke nagara ing Surapringga | kula ebat ningali | yèn tan nglampahana | ayahaning ing jendral | sayêkti kawula bali | datan kaduga | bêdhahing Surawèsthi ||
135.163 anging mangke ki patih atur kawula | sampun alit kang galih | inggih pintên bara | wontên sihing Hyang Suksma | sarta bêrkating narpati | ing Surabaya | pêcah dene [18: 72] ing mami ||
135.164 Ki Tumênggung Cakrajaya pirêmbagan | lan punggawa pasisir | prakawis ing tingkah | rewang ngulari papan | para punggawa turnèki | ingkang prayoga | pun adhi Tohjayèki ||
135.165 kang dadosa têtindhihing wadyabala | ngulari bêras pari | Kyai Cakrajaya | mèsêm alon lingira | emane tan duwe kanthi | adhi Tohjaya | duwea kanthi siji ||
135.166 yêkti dadi dandanan luwih prayoga | kang si mak lan si adhi | Kyai Citrasoma | matur dhatêng apatya | pun Arya Kudus anênggih | pan darbe sanak | Sirnayuda namèki ||
135.167 Panêmbahan Makaos kang darbe têdhak | purunipun nglangkungi | yèn mirsèng sanjata | kêdah ngamuk kewala | tan beda kalawan adhi | Dyan Sirnayuda | nulya dipun timbali ||
135.168 wus kinarya kanthine Kyai Tohjaya | minăngka senapati- | ning wadya anglarag | bala ing Kartasura | sami angsal bêras pari | kang kawarnaa | Pangeran Madurèki ||
135.169 tinimbalan marang nagri Surabaya | dening rêkya apatih | nanging ing Madura | lagya amanggih karya | aprang lan mantunirèki | Arya Dikara | Pamêkasan nagari ||
854–855 dari 1.487