Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
135 dari 234
855–856 dari 1.487
8.550–8.559 dari 14.865
135.171 dening bala Pamêkasan wong ing Sampang | akathah kang ambalik | milya Radèn Arya | Dikara duk samana [18: 73: sama...na] | pangeran kewran ing galih | dyan arinira | Ki Arya Senapati ||
135.172 Radèn Suradiningrat kinèn maguta | ngirid sagung prajurit | budhal saking kitha | sapraptanirèng rana | rahadyan amalih kapti | supe ing kadang | dènira rêbut singgih ||
135.173 kait lawan Jangkewuh mantri panuwa | sigra utusan aglis | marang Surabaya | atur wêwadulira | yèn kang raka tuhu balik | duta wus prapta | cundhuk lawan apatih ||
135.174 sampun matur saaturira Rahadyan | Suradiningrat nênggih | lamun ingkang raka | mangkya sêdya abăngga | kait lan wong Surawèsthi | yèn wontên karsa | kawula ananggupi ||
135.175 angrêmêda ing pun kakang Cakraningrat | dening salahing gusti | pan inggih kawula | malang datan ginêga | kathah wêwadulirèki | marang apatya | tuwin marang Kumpêni ||
135.176 langkung suka Ki Tumênggung Cakrajaya | Amral suka ing galih | sampun aputusan | marang Kumpêni kapal | Kapitan Kartas namèki | kinèn jathoka | muara Madurèki ||
135.177 miwah wadya Sumênêp kaparentahan | milya ing radèn jurit | duta wus tinulak | praptèng nagri Madura | katur sasolahirèki | Suradiningrat | langkung suka ing galih ||
135.178 kunêng Pangran Cakraningrat winursita | sampun ngaturan uning | lamun arinira | sêdya mungsuh ing raka | langkung wagugên tyasnèki | sigra utusan | maring nagari Bali ||
135.179 minta tulung dene mungsuh arinira [18: 74: a...rinira] | wau ta kang winarni | Dyan Suradiningrat | barise wus angrêbda | wadya Sumênêp wus nunggil | myang Pamêkasan | ngumpul barisirèki ||
135.180 miwah bala Madura suyud sadaya | kèsisan sang dipati | budhal barisira | arsa mrêpêki kitha | datan kawarna ing margi | prapta ing kitha | Tunjung agya rinampid ||
855–856 dari 1.487