Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
135 dari 234
856–857 dari 1.487
8.557–8.566 dari 14.865
135.178 kunêng Pangran Cakraningrat winursita | sampun ngaturan uning | lamun arinira | sêdya mungsuh ing raka | langkung wagugên tyasnèki | sigra utusan | maring nagari Bali ||
135.179 minta tulung dene mungsuh arinira [18: 74: a...rinira] | wau ta kang winarni | Dyan Suradiningrat | barise wus angrêbda | wadya Sumênêp wus nunggil | myang Pamêkasan | ngumpul barisirèki ||
135.180 miwah bala Madura suyud sadaya | kèsisan sang dipati | budhal barisira | arsa mrêpêki kitha | datan kawarna ing margi | prapta ing kitha | Tunjung agya rinampid ||
135.181 pan kinêpung Sang Dipati Cakraningrat | mêmpên dalêmirèki | prajurit kang nêngga | nêmatus winatara | ing sabên dinakèh mijil | nungkul ing Radyan | Suradiningrat sami ||
135.182 dadya kewran Sang Dipati Cakraningrat | tinilar ing wadyalit | dadya mupus ing tyas | pan arsa angungsia | pangeran marang Kumpêni | tuwin apatya | sêdya mring Surawèsthi ||
135.183 wus sayaga lan saputra garwanira | sêdya numpak jaladri | wau balanira | Radyan Suradiningrat | saking jawi ambêdhili | dadya pangeran | gugup wus budhal aglis ||
135.184 apan sampun andhingini dutanira | mring Kumpêni wèh uning | ingkang anèng kapal | sira Kapitan Kartas | kalangkung suka tyasnèki | iya matura | ingsun ingkang nulungi ||
135.185 pan Kumpêni besuk ingkang angulihna | marang Madura malih | miwah ki apatya | rêmbuge wus anèngwang | pan ingsun kinèn ngaturi | mring Surabaya | saputra garwanèki ||
135.186 myang kang dasih kang sami trêsna binêkta | numpak ing palwa konthing | ngunjal maring kapal | pangeran sampun prapta | minggah ing kapal tumuli | sira [18: 75: si...ra] Kapitan | Kartas mêthuk ing jawi ||
135.187 wus binêkta pangeran minggah ing kapal | urmatira nglangkungi | samya lunggwèng petak | wau kang garwa prapta | kapitan amêthuk malih | nèng jawi petak | garwa minggah tumuli ||
856–857 dari 1.487