Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
135 dari 234
858–859 dari 1.487
8.572–8.581 dari 14.865
135.193 cinarita Kumpêni sakapal têlas | akêdhik ingkang kari | amung gala-gala | kang maksih sami mangsah | samya ngagêm gosok bêdhil | sira pangeran | sayahe dèn gêbugi ||
135.194 myang tinubruk ing kursi pangeran tiba | lênggah gya dèn popori [18: 76: po...pori] | myang kang pra atmaja | pêjahe pinoporan | pangeran sampun ngêmasi | murda tinigas | binêktèng Surawèsthi ||
135.195 kuwandhanya linabuh madyèng samodra | Kumpêni ingkang kari | sigra dènnya layar | marang ing Surabaya | wau ta ingkang winarni | Rahadèn Sura- | diningrat sawadyèki ||
135.196 pangludira prapta tirahning hèrnawa | wangsul saha wadyaglis | angêbroki kitha | Kumpêni sampun prapta | ing nagari Surawèsthi | sampun apanggya | Amral lan ki apatih ||
135.197 katur solahira duk anèng lautan | Amral ngungun tan sipi | tuwin ki apatya | langkung pangungunira | dene andêling ajurit | Kapitan Kartas | pêjah myang bala ênting ||
135.198 Ki Tumênggung Cakrajaya wus utusan | marang Kartasurèki | tur uningèng nata | datan kawarnèng marga | prapta ing Kartasurenjing | punang caraka | cundhuk lan sri bupati ||
135.199 sampun katur surat saking ki apatya | tinupiksèng narpati | langkung ngungunira | punang duta tinulak | kadhahar saaturnèki | wus pinatêdhan | angsul-angsul narpati ||
135.200 miwah ingkang nuwala Suradiningrat | pinatêdhakkên aglis | duta tan winarna | ing marga sampun prapta | Surabaya wus apanggih | lan ki apatya | katur sasolahnèki ||
135.201 langkung suka Ki Tumênggung Cakrajaya | sigra utusan aglis | mring nagri Madura | nimbali Radèn Sura- | diningrat mring Surawèsthi | angriga wadya | myang sakaprabon [18: 77: saka...prabon] jurit ||
135.202 tan winarna caraka praptèng Madura | pan sampun dèn dhawuhi | wau Ranèn[1] Sura- | diningrat sigra-sigra | siyaga kaprabon jurit | myang balakuswa | budhal mring Surawèsthi ||
858–859 dari 1.487

 


Radèn. (kembali)