Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
135 dari 234
841–842 dari 1.487
8.406–8.415 dari 14.865
135.027 wong pasisir kiwa nênggih kang binêkta | sira mangkat tumuli | tan kawarnèng marga | wus praptèng nagri Tuban | lajêng campuh punang jurit | rame kang yuda | samya rok silih ungkih ||
135.028 pan kinêpung wau nagari ing Tuban | dening bala pasisir | Panji ing Lamongan | pan kêkathahên lawan | wus kèngsêr sawadyanèki | mring Maronggahan | tinilar kitha Tubin ||
135.029 wong kang kilèn anganciki kitha Tuban | ya ta ingkang winarni | Kyai Cakrajaya | budhal saking Samarang | angirid bala Kumpêni | pan sabragada | tanapi tiyang Bugis ||
135.030 lan Makasar tiyang Trênate Sêmbawa | Ambon Minangkabwèki | watawis sanambang | dene pangagêngira | Kumêndur Gobyo namèki | lawan Kapitan | Krêsbun andêling jurit ||
135.031 sira Amral Baritman kantun Samarang | lawan bala Kumpêni | nênggih sabragada | aso anèng Samarang | Ki Patih Cakrajayèki | lajêng mring Tuban | angêrig wong pasisir ||
135.032 praptèng Tuban Ki Cakrajaya utusan | mring Ki Kartanagari | kinèn lumaksana | mring nagri Surabaya | ywa ngrawati riwuk margi | têka lajua | marang ing Surawèsthi [18: 55] ||
135.033 pan manira amancal saking ing Tuban | anjog ing Surawèsthi | ya ta sampun rêmbag | Kyai Kartanagara | wus mangkat sawadyanèki | miyos ing dharat | kang tinuduh mring wuri ||
135.034 Ki Tumênggung Surawijaya ing Jipang | kinon jaga nagari | bilih Surèngrana | ngawad iwud ing wuntat | Ki Cakrajaya Apatih | pan sampun mancal | lawan bala Kumpêni ||
135.035 miyos laut sampun lajêng lampahira | kang tinilar ing Tubin | Arya Kudus lawan | pêpatih ing Japara | kang aran Ki Wiramantri | kang kawarnaa | Panji Surèngranèki ||
135.036 duk Ki Patih Cakrajaya anèng Tuban | lèngsèr Surèngranèki | saking Maronggahan | sarêng ki patih mancal | sira Panji wangsul malih | mring Maronggahan | lawan Juragan Bali ||
841–842 dari 1.487