Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
135 dari 234
842–843 dari 1.487
8.415–8.424 dari 14.865
135.036 duk Ki Patih Cakrajaya anèng Tuban | lèngsèr Surèngranèki | saking Maronggahan | sarêng ki patih mancal | sira Panji wangsul malih | mring Maronggahan | lawan Juragan Bali ||
135.037 Ki Juragan tansah apikir ing nala | kayaparan Si Panji | dènnya băndayuda | mungsuh wong sanagara | dèn lurugi mring pêpatih | Si Surèngrana | dadi mungsuh sang aji ||
135.038 ingsun iki dadi milu wong duraka | ciptane ati mami | kala ingsun dagang | layar anèng lautan | mila ingsun iki sugih | barkating nata | kang ingsun pundhi-pundhi ||
135.039 mila ingsun sugih êmas myang salaka | tan lyan barkat narpati | sun suwun ing murda | ya ta Kyai Juragan | nulya api-api sakit | pan arang mangan | puwasa patigêni ||
135.040 arsa pamit sarasan pasthi tan suka | mulane apigêring | antuk pitung dina | wau dènira pasa | Ki Juragan lajêng [18: 56] mising | katur mring Panjya | yèn Ki Juragan sakit ||
135.041 Ki Juragan Bali kinèn mantuk sigra | mring nagari Garêsik | ginotong ing wadya | wêlingira Apanjya | hèh poma Juragan Bali | yèn sira waras | nuli balia maning ||
135.042 tan kawarna ing marga Kyai Juragan | sampun praptèng Garêsik | nulya mangan sêga | sakite wus waluya | ya ta gantya kang winarni | Rêkyana Patya | Cakrajaya wus prapti ||
135.043 lan Kumêndur Gobyo wau rowangira | sami jujug mring loji | nênggih kacarita | loji ing Surabaya | Walandi kang jaga kêdhik | mung kawan dasa | samya angati-ati ||
135.044 pan mèh bêdhah rinuruh dening kang mêngsah | nulya Rêkyana Patih | Cakrajaya prapta | myang sagung pra punggawa | wus pêpak nèng Surawèsthi | sawadyanira | tuwin sagung Kumpêni ||
135.045 Ki Tumênggung Kartanagara wus prapta | nagari Surawèsthi | baris kidul kitha | aran desèng Sapanjang | nulya angaturi tulis | marang sang nata | miwah Rêkyana Patih ||
842–843 dari 1.487