Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
136 dari 234
860–861 dari 1.487
8.592–8.601 dari 14.865
136.006 wus acêlak lawan kitha | samya kèndêl kang wadya tata biting | prasamya amasang ulur | mriyêm sampun pinarnah | ing palatar ulur baluwartinipun | wadyèng pasisir sadaya | prasamya amasang biting ||
136.007 wadyèng Surabaya miyat | lamun mêngsahira angangsêg biting | prasamya minggah ing luhur | amasang mriyêmira | lela kalantaka anakan lan êbum | saksana campuh kang yuda | arame bêdhil-binêdhil ||
136.008 ngabên sanjata kewala | kang mariyêm munggèng ing baluwarti | swaranya lir parbata rug | surak mangambal-ambal | Ki Dipati Jayapuspita winuwus | minggah [18: 79] marang pêpanggungan | kodhokngorèke tan kari ||
136.009 angangkang nèng pêpanggungan | Amral miyat solahe ki dipati | anggoyang kapalanipun | sigra ingarah-arah | kinon nyipat ing mariyêm panggungipun | sinusungan ing gurnada | nanging tibane atêbih ||
136.010 binendrong panggung ingarah | wadyèng Surabaya malês ambêdhil | ramya kadya gêlap sèwu | kacatur pitung dina | dènira prang mariyêm ing siyang dalu | padhang wismèng Surabaya | ingurugan gutuk api ||
136.011 nanging wadyèng Surabaya | datan wontên ingkang miris ing galih | kang têngga bêbitingipun | eca angura-ura | kang anggambang arêbab myang kang nyalêmpung | ing wanci pukul sawêlas | wong wadone sami ngirim ||
136.012 mring lakine kang atêngga | pabitingan Kumpêni aningali | pinasang mariyêmipun | wong wadon kèh sinipat | tan akandhêg eca-eca gendhong sumbul | lumaksanèng pabitingan | Kumpêni eram ningali ||
136.013 wadyalit ing Surabaya | kang wong desa sabên dina kyèh prapti | miwah ingkang para kaum | saking ing pagunungan | sêdya milya prasamya nanggulang ripu | arsa naur ing sihira | ing gusti sang adipati [19: 3] ||[1]
Arya Jayapuspita ing Surabaya ambalela mrinani kakangipun [lanjutan]
136.014 marma wong desa mangkana | lampahira ki dipati ing nguni | ingundhangakên sadarum | desa myang pagunungan | ukur bisa sêmbahyang ing pêthèk luput | miwah saniskarèng karya | nadyan sadesa upami ||[2]
136.015 puruna salat sadaya | pan sadaya linuputakên sami | ing karya myang takêr turun | miwah pangawang-awang | pinardikakakên wong desa puniku | tan ana sinungan karya | malah atampi pêparing ||
860–861 dari 1.487

 


§ Lajêng nyandhak jilid: 19. (kembali)
Titik awal: Babad tanah Jawi, Jilid 19 (Serie No. 1289r). Batawi Sèntrêm: Bale Pustaka, 1940, 79 hlm. Judul jilid: Sinuhun Pakubuwana I seda, dipun gêntosi putra. (kembali)