Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
136 dari 234
868–869 dari 1.487
8.676–8.685 dari 14.865
136.090 sang adipati ngandika | karsaningsun tumpês sajroning nagri | mungsuh iki yèn sun dulu | kêthèn yutan abaran | buh tikêle lan wadyèngong Surèngkewuh [19: 15: Surèng...kewuh] | ewa mangkana pun kakang | sarambut dèrèng gumingsir ||
136.091 kang rayi kalih amêksa | ingaturan nunggil lan Murah Panji | Balèlèng ingajak ngamuk | sang dipati ngandika | tari marang sagunging prajuritipun | myang para kaum sadaya | ngapinjal aturirèki ||
136.092 kang satêngah ana ngucap | datan antuk punika aprang sabil | dening akanthi wong kupur | bala Nusakambangan | Kêtib Bawang asru dènira amuwus | sanadyan padha kapira | kapir têtulung wong Bali ||
136.093 Walănda kapir sikara | dadya kathah kang samya rêmbag mijil | lèngsèr saking jro kithèku | myang ari kalih mêksa | angaturi dadya giwang ing tyasipun | sang adipati gya budhal | saking praja sawadyèki ||
136.094 angumpul ing arinira | sampun prapta Kapraban sang dipati | amung kèndêl kalih dalu | lajêng dhatêng Kaputran | akêkuwu saha balakuswa umung | myang wadya Nusakambangan | pun Balèlèng Murah Panji ||
136.095 milya baris ing Kaputran | nanging têbih kuwunya lan dipati | miranti sawadyanipun | wau kang kawuwusa | Amral Britman lawan sira Ki Tumênggung | Cakrajaya wus miyarsa | lamun Jayapuspitèki ||
136.096 lèngsèr sing pintu sayatra | nèng Kaputran wau dènira baris | Kumêndur Gobyo pêksanglud | nanging Amral tan rêmbag | miwah sira ki tumênggung datan rêmbug | Kumêndur Gobyo amêksa | dadya sagung pra dipati ||
136.097 samya urunan kewala | rong [19: 16] bragada Kumpêni kang dèn irid | sigra budhal tan asantun | datan kawarnèng marga | Amral Britman lawan sira ki tumênggung | samya angantun ing kitha | amung urun para mantri ||
136.098 kumêndur Gobyo lampahnya | sampun prapta Kaputran sawadyèki | wong Surabaya amêthuk | rame campuh ing yuda | wadyèng Surabaya prange ngundur-undur | amapan ing Wanakrama | Kumêndur agêng tyasnèki ||
136.099 ing Kaputran wus kancikan | panyanane wong Surabaya kanji | Kumêndur sigra dènnyanglud | dhatêng ing Wanakrama | wadyèng Surabaya arêrangkah sampun | wadya Kumpêni glis prapta | wong Surabaya mêdali ||
868–869 dari 1.487