Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
136 dari 234
861–862 dari 1.487
8.605–8.614 dari 14.865
136.019 ing nguni Dewa Kaloran | samutunge ing mangkya angsal malih | duk samana wus apangguh | lan Panji Surèngrana | miwah Panji Kartayuda sampun [19: 4: sampu...n] cundhuk | anèng dhusun ing Kapraban | wau gènira manggihi ||
136.020 sinunggyan sinuba-suba | apan arsa binêkta mring nagari | Jayapuspita tanpasung | dèrèng eca kang manah | maksih suka angadu prajurit kaum | arsa dèn pitambuhana | owêl manawa aruntik ||
136.021 marma kalih arinira | samya kinèn manggihi Murah Panji | yèn benjing kasor ing pupuh | karsanya ki dipatya | Murah Panji Balèlèng kêna dèn adu | suda pangandêling Suksma | supe kodrating Hyang Widi ||
136.022 ngandêl sasamaning jalma | mila suda yuwananing ajurit | duk srayane dèrèng rawuh | wisma ing Surabaya | kang katiban gutuk api payonipun | kang agni datan tumama | ing mangkya kathah kabêsmi ||
112. Arya Jayapuspita lèngsèr saking kitha badhe mapan wontên ing Japan
136.023 kunêng ingkang kawuwusa | sira Amral lawan rêkyana patih | miwah Kumêndur Gobyèku | samya apagunêman | tuwin ingkang para dipati sadarum | Kumêndur Gobyo sru ngucap | kadipundi ki[1] apatih ||
136.024 yèn ta anggung makètêna | aprang maryêm tanpa wusanèng jurit | yèn rêmbag nêdha pinagut | sami aprang adhadha | pintên kèhe obat mimis ingkang rawuh | yèn manggunga bêbêdhilan | sawindu pan nora uwis ||
136.025 pan wadya punika kathah | wong Kumpêni miwah wadyèng pasisir [19: 5] | myang bala Madura pênuh | karanane punapa | kyana patya angrojongi ing kumêndur | miwah sang Amral Baritman | ngundhangi sagung Kumpêni ||
136.026 myang Tumênggung Cakrajaya | pra dipatya wus samya dèn undhangi | sayaga arsa umagut | sigra nêmbang têngara | gubar bèri gumrudug swaraning tambur | budhal saking pabitingan | kotbuta wadya Kumpêni ||
136.027 tataning baris tan owah | kadya sabên jagang lumakwèng ngarsi | kang dèn kabayani amuk | umung kang balakuswa | Ki Dipati Jayapuspita winuwus | miyarsa yèn mungsuh prapta | ing alun-alun abaris ||
136.028 kang dadya pangawat kanan | Ki Ngabèi Jangrana ingkang rayi | ingkang anèng kerinipun | sira Jaka Tangkêban | ki dipati kang munggèng ing dhadhanipun | gêgaman awarna-warna | tinon lir parbata sari ||
861–862 dari 1.487

 


ki apatih (dan di tempat lain). (kembali)