Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
136 dari 234
863–864 dari 1.487
8.622–8.631 dari 14.865
136.036 tibane mimis lir udan | tikêl ingkang wastra pating carêngkling | sêbrak suwèking lêlayu | rêkatak ing daludag | rame kêbyok-kinêbyok ing umbul-umbul | saking ramene kang yuda | sawênèh kêris-kinêris ||
136.037 myang ingkang dugang-dinugang | kuwêl ing prang ana bithi-binithi | akèh kang gêbug-ginêbug | bêdhil wus tanpa karya | tanpa wilis kunarpa sungsun atimbun | lêbu malêtuk kasiram | ing ludira kadi tasik ||
136.038 kang akasa kadi bêlah | kêlab-kêlab pratiwi gonjang-ganjing [19: 7: gonjang-...ganjing] | surêm kang surya sumêmbur | ginggang Sang Ăntaboga | lindhu mawor prakêmpa kang prabata rug | ing payudan lir kiyamat | kocak ingkang jalanidhi ||
136.039 saari dènira yuda | akèh wadya mati singunên sami | matya bu-ambunên marus | ing rudirèng kunarpa | pirang-pirang pandêlêng palagan pênuh | watang putung kadya sarah | kang tunggul lir lumut kèli ||
136.040 kumpêni kalih brêgada | ingkang tumpês kajawi Ambon Bugis | Makasar Bali myang Butun | tumpês tanpa wilangan | Lutnan Pandêrlele punika kasambut | tumpês sakumpêninira | Kapitan Krêsbun ngêmasi ||
136.041 Lutnan Babandhêm palastra | miwah wadya Surabayakèh mati | sapih kang yuda kasaput | ing ratri kawarnaa | Ki Dipati Jayapuspita arêmbug | lan sagung prajuritira | lèngsèr mring sawetan kali ||
136.042 baris ing kori sayatra | kithanira pan sampun dèn êbroki | dening sira Ki Tumênggung | Cakrajaya myang Amral | duk samana bala kumpêni kang bantu | rawuh saking Batawiyah | kalih brêgada kang prapti ||
136.043 pangiride Mayor Gustap | lan Kapitan Pardhèmês Lutnan Jakim | katri prajurit linuhung | wus cundhuk lawan Amral | myang Kumêndur Gobyo langkung sukanipun | dene bantunira prapta | wus panggih lawan apatih ||
136.044 ing ratri kang kawuwusa | pagunêman lan sagung pra dipati | lawan sira ki tumênggung | miwah Amral Baritman | myang Kumêndur Gobyo asru dènnya muwus [19: 8] | hèh ki patih paran karsa | punapa kèndêl ing jurit ||
136.045 ki tumênggung alon mojar | karsaningong ing yuda sun kèndêli | angasokakên ing batur | sigra Pangran Madura | asru matur marang sira ki tumênggung | yèn suwawi lawan karsa | luhung ginitika malih ||
863–864 dari 1.487